Gesang Kanthi Jujur
Waosan: Lukas 16: 1-13
Miturut KBBI, jujur punika dipun mangertosi pinangka gesang kalawan ati kang lurus, boten ngapusi, lan blaka suta. Jujur punika ugi ateges boten nyidrani tiyang sanès. Nyidrani tiyang sanès punika tegesipun boten manut kaliyan pranatan lan pasarujukan. Wonten ing waosan Injil, wonten cariyos bab juru gedhong ingkang boten jujur, ingkang malah nampi pangalembana saking lurahipun.
Pangandikanipun Gusti Yésus ingkang kaserat ing ayat 8b, “sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akalé ngluwihi para ahli warising pepadhang” punika saged dipun raosaken minangka pamelèh kagem para umatipun Allah. Tiyang Farisi ing nalika semanten sacara tatanan karohanèn kedahipun saged dados tuladha minangka ahli warising pepadhang. Para tiyang Farisi nalika semanten gesangipun karem bandha kadonyan ingkang kalimput dening ageman lan piwucal atas nami agama. Juru gedhong punika nindakaken ingkang leres awit kanthi kapinteranipun nyudo anakan. Tembung “padha memitrana kalawan migunakaké Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowé koncatan Mamon iku, kowé banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng” ing ayat 9 nèlakaken saben tiyang ngadhepi panggodha bab raja brana. Punapa malih menawi gadhah kalenggahan, godha rencana supados tumindak boten jujur asring dipun raosaken.
Mamon ing waosan punika nggambaraken anakan ingkang sejatosipun boten dipun keparengaken miturut kitab Torèt. Menawi tiyang Farisi boten saged tumemen ing prakara sepélé kados pranatan bab utang piutang, mokal Gusti Allah badhé mitayani bab prakara ingkang langkung ageng. Pangandikanipun Gusti Yésus ingkang makaten, “ora ana batur kang bisa ngladéni bandara loro” punika sejatosipun minangka pamelèh dhateng tiyang Farisi. Para tiyang Farisi punika ing satunggal kawontenan mirengaken sabdanipun Allah, ananging ing kawontenan sanèsipun malah mboten manut dhawuhipun Allah. Tumindak ingkang kados makaten sejatosipun nèlakaken tebih saking sikep jujur, ananging lajeng kalimput kaliyan tembung-tembung karohanèn ingkang dipun owahi. Punapa para ahli warising pepadhang ing jaman samangké wonten ingkang nggadhahi sikep ingkang kados makaten?
Para sedhèrèk ingkang kinasih, kita kedah ngrimat sikep jujur ing gesang padintenan. Sikep ingkang jujur punika sesambetan kaliyan tanggel jawab lan kapinteran ingkang angkahipun nggadahi gesang ingkang kebak ing pangajeng-ajeng. Pramila, gesang kanthi jujur punika boten badhé ajur, ananging badhé nampi kabegjan. Miturut Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK), Berani Jujur, Hebat! Kita sedaya mesthi sami sarujuk. Gusti berkahi kita sedaya. Amin.