Tumindak Gesang Wujud Kapitadosan

Waosan: Matéus 16: 13-17

 

Ngakeni kapitadosan kanthi pangucap asring dipuntindakaken dening tiyang ingkang ngrasuk agama. Pangaken punika asring gampil katindakaken, matemah sampun dados kawontenan lumrah. Ananging pangaken bab kapitadosan punika mboten namung ana ing lathi, lan kedah maujud ing gesang lumantar tumindak nyata ing gesang tiyang pitados. Menawi pangaken punika dereng maujud ing tumindak gesang, gesangipun tiyang pitados dereng jangkep. Gesang sejati punika mujudaken kapitadosan ing pangucap lan tumindak ing gesang.

Supados pangaken punika saged maujud, pangaken pitados punika kedah kiyat rumiyin. Ananging kesagedan kamanungsan punika winates, manungsa mbetahaken kuwaosipun Gusti wiwit saking pangucap ing pangaken pitados. Rasul Petrus ngakeni Gusti Yesus minangka Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang. Pangaken punika wujud tuntunaning Sang Rama kagem manungsa. Ing gesang kita minangka tiyang pitados, pangaken kita ugi awit tuntunanipun Gusti, Sang Rama lan Sang Roh Suci.

Nglampahi gesang ingkang sejati minangka tiyang pitados, punika jangkepipun saking pangaken lan tumindak ing gesang. Kita minangka tiyang pitados ngakeni bilih kanthi tulus lan estu pitados lan ndherek Gusti Yesus. Sumangga tan jemu tansah sinau kadospundi gesangipun Gusti Yesus, punapa kemawon piwulangipun Gusti Yesus, lan kadospundi kita kanthi setya tuhu kiyat ing sadaya kawontenan pitados ndherek Gusti Yesus. Tumindak kita mujudaken isining batin. Tumindak ala, nedahaken batin kang ala, tumindak sae mujudaken batin kang mursid. Gusti tansah nyagedaken kita, lan kita mbikak manah kagem panuntunipun Gusti. Amin.