Sumanak Mring Sesami Dados Wujuding Nampi Sang Kristus

Bacaan : Matéus 10: 40-42 | Yérémia 28: 5-9

 

Saben tiyang tamtu nate nampi tamu. Tamu punika umumipun tiyang ingkang tepang kaliyan ingkang kagungan griya (upaminipun sedherek, kanca, tangga, mitra pedamelan, lan sakpiturutipun), ananging wonten ugi tamu ingkang dereng tepang kaliyan ingkang kagungan griya, lajeng sami pitepangan. Sinten kemawon ingkang dhateng ing griya minangka tamu, umumipun dipun tampi kanthi prayogi.

Injil Mateus 10: 40-41 punika nelakaken pangandikanipun Gusti Yesus dhateng para sakabat ingkang dipun utus martosaken kratoning swarga ing pundi-pundi panggenan. Menawi dipun tampi kanthi sae, Gusti Yesus mangandika ingkang dados pituwas ipun, ananging menawi dipun tampik, tiyang punika ugi kaangep nampik ingkang ngutus para sakabat.

Kathah tiyang gadhah pamanggih bilih tiyang ingkang dipun utus dening Gusti lelados martosaken kratoning swarga punika namung pandhita, guru Injil, utawi pradhataning pasamuwan, sejatosipun mboten namung punika, nanging sedaya tiyang pitados. Gusti Yesus ngandika bilih sinten kemawon ingkang nampi ususanipun Gusti, (dadosa punika kawula alit)  ateges nampi Gusti Yesus Piyambak.

Nampi saha nuhoni dhawuh timbalanipun Gusti. Martosaken khabar kabingahan (Injil) kedah katindakaken kanthi sumanak dhateng sedaya tiyang (mboten pilih-pilih).

Sumanak mring sesami minangka titikan utawi wujuding nampi lan nuhoni dhateng Sang Kristus. Lampah sumanak dhateng sedaya tiyang punika sae lan wonten pituwasipun, pramila para kagunganipun Gusti kedah gesang kanthi sumanak.

Pitakenan tumrap diri kita piyambak-piyambak :

Minangka utusanipun gusti; “punapa kita sampun sumanak dhateng sedaya tiyang (mboten pilih-pilih)” utawi namung sumanak kaliyan tiyang ingkang sae dhateng diri kita kemawon?

Pitakenan punika dados pandadar, bilih kita punika sampun nampi Sang Kristus wonten gesang kita punapa dereng.

Mangga sami pitaken dhateng diri kita pribadi. Amin.