CARITAKNA PAKARYANING ALLAH

Lukas 8 : 26-39

Katresnanipun Gusti Yésus dhateng manungsa mujudaken katresnan ingkang mboten winates. Inggih awit katresnanipun Gusti Yésus punika mboten namung paring wekdal kagem dipun panggihi déning umatipun, ananging ugi Gusti Yésus paring wekdal dhateng umat ingkang sampun nolak lan nilaraken Gusti, kanggé tansah mirengaken pawartos panebusing dosa saha pamulihan saking Gusti Yésus.

Waosan Injil Lukas 8: 26-29 nyariosaken kawontenan ing tlatah Gerasa ingkang kanggé para tiyang Yahudi punika najis. Rawuhipun Gusti Yésus mboten dipun antos-antos déning tiyang Gerasa, ananging Gusti Yésus perlu saha kedah nindakaken peladosan wonten ing Gerasa. Sedaya punika dipuntindakaken déning Gusti Yésus amargi sedaya tiyang ugi kalebet tiyang mboten Yahudi tetep kaparingan wewengan kanggé mirengaken lan ugi ngraosaken pakaryanipun Allah.

Sabda pangandikanipun Gusti lumantar Injil Lukas 8: 26-29 ngemu perkawis-perkawis inggih punika:

1. Gusti Yésus minangka tokoh ingkang utami wonten ing Injil Lukas. Gusti Yésus punika ingkang nindakaken mukjijat kesarasan dhateng tiyang ingkang kapanjingan dhemit, lan Gusti Yésus paring dhawuh dhateng tiyang wau supados martosaken paseksènipun dhateng tiyang sanès lan tiyang kathah.

2.  Tiyang ingkang kapanjingan dhemit, sak dèrèngipun dipun siksa déning dhemit, tiyang punika lajeng dipun sarasaken déning Gusti Yésus. Tiyang punika supados wangsul ing kuthanipun ingkang nyulihi kelompokipun lan papan wonten pundi paseksènipun tiyang wau badhé ngasilaken kanthi langkung ageng. Ewah-éwahan tiyang punika mbuktèkaken agenging panguwaos lan katresnanipun Gusti Yésus.

3.  Kutha utawi papan tiyang ingkang nampi dhawuhipun Gusti Yésus nampi paseksènipun bab pakaryanipun Gusti Yesus.

4. Pakaryanipun Gusti Yésus ingkang nyarasaken tiyang wau mujudaken panguwaos saha pakaryanipun Gusti Yésus ingkang mulihaken gesang manungsa.

5.  Paseksèn utawi punapa ingkang sampun dipun tindakaken tiyang wau kanggé ngabaraken lan nyariosaken gesangipun ingkang dipun lampahi, mujudaken prastawa ingkang wigati sanget. Paseksènipun punika tumrap tiyang kathah utawi tiyang sanès, bab pakaryanipun Gusti Yésus wonten pagesanganipun manungsa.

Kita kedah saged nyariosaken bab kapitadosan dhumateng Gusti Yésus Kristus dhateng tiyang sanès miturut sabda pangandikanipun Gusti Allah. Ananging kita ugi perlu nyariosaken pakaryan saha ingkang sampun dipun tindakaken Gusti Allah dhateng kita sacara pribadi. Gusti Allah saèstu ngersakaken sedaya tiyang mirengaken lan ngraosaken pakaryanipun ugi kalebet ngagem umat pepilihanipun minangka utusan martosaken pakaryanipun Gusti Allah dhateng sesami ing salumahing bumi. Gusti Yésus hamberkahi. Amin.