GESANG PUNIKA KESEMPATAN
Yesaya 55: 1-9 | Lukas 13: 1-9
Para sadhèrèk pasamuwan ingkang kinasih, jejer renungan minggu “Gesang Punika Kesempatan.” Pitakenanipun gesang punika kesempatan ingkang kados pundi, lan kesempatan kagem nindakaken punapa? Sih-nugrahanipun Allah ingkang datan jinajagan punika èstunipun tansah andhatengi kita sadaya. Wiwit kina mila, namung Gusti Allah piyambak ingkang sampun langkung rumiyin dados sumbering kanugrahan ing bab pangapuntening dosa kita. Punika ugi ingkang sampun kaparingaken déning Allah marang bangsa Israèl kados ingkang kacetha wonten ing kitab Nabi Yésaya 55:1-9. Punika katingal ing bab Gusti Allah kepareng maringaken prasetyanipun bab pangluaran kaliyan pangrimat ingkang saèstu saged ngiyataken manahipun bangsa Israèl ingkang nembé nandhang sangsara ing salebeting pangawulan. Nadyan bangsa Israèl sampun damel sekel panggalihipun Gusti Allah, éwasamanten Gusti Allah ugi kepareng maringaken sih-nugraha awujud pangapuntening dosa. Kita mboten sami saged njajagi manahipun Gusti Allah, saiba jembar lan longgaripun manahipun Allah ingkang kepareng maringaken nugraha pangapuntening dosa marang umat kagunganipun.
Nglampahi gesang ing salebeting nugrahanipun Gusti Allah sarana mratobat ing gesang padintenan punika, ingkang ugi dados pawartos ingkang kaandharaken déning Gusti Yésus wonten ing Injil Lukas 3:1-9. Marang para tiyang ingkang rumaos “langkung saé” lan “langkung suci utawi mboten dosa” namung karana mboten dados korban kaliyan tiyang-tiyang Galiléa ingkang rahipun dipun campuraken kaliyan rahing pisungsung korban déning kekejemanipun Pilatus. Lelampahan punika wonten gandhèng-cènèngipun kaliyan sawatawis tiyang-tiyang Saduki ingkang sami dipun pejahi déning Pilatus karana ndamel ontran-ontran ing wewengkon Padaleman Suci. Nglengganani “wangsulan dalah pamanggihipun” tiyang kathah ing babagan punika, Gusti Yésus kepareng ngèngetaken tiyang kathah punika, menawi mboten sami gesang ing salebeting patobat, tiyang-tiyang kalawau ugi badhé ngalami lelampahaan gesang ingkang sami kaliyan para korban tumindak piala kalawau. Kanthi manteb lan tandhes tiyang-tiyang kalawau dipun sarwé déning Gusti, sampun ngantos rumaos langkung saé katimbang sanèsipun namung karana mboten dados korban kekejemanipun Pilatus. Malah Gusti Yésus ugi paring pepènget bilih korban cacah wolu ingkang kajugrugan tugu menara caket Siloam, dosanipun mboten langkung ageng katimbang kathah tiyang sakiwa tengenipun Gusti Yésus, ingkang rumaos langkung saé lan langkung barès. Kalih lelampahan punika dipunagem déning Gusti Yésus minangka conto bilih menawi tiyang mboten sami mratobat kanthi tumemen lan nganyaraken gesang pribadinipun wonten ngarsanipun Gusti Allah punapa déné sesami, ugi badhé ngalami lelampahan gesang ingkang sami kaliyan tiyang-tiyang korban kekejemanipun Pilatus minangka paukamanipun. Patobat badhé kawiwitan sarana mboten badhé ngukumi asanès awit nganggep dhiri pribadinipun langkung saé lan barès katimbang sesami.
Ing salebeting wekdal pra-Paskah ingkang kaping 3 punika, kita sami kaèngetaken ing bab kados pundi kita kedah tan kendhat nglampahi gesang ing salebeting kanugrahanipun Gusti Allah ing salebeting patobat. Patobat mujudaken timbalan kanggé ngalami lan ngraosaken kanugrahanipun Gusti Allah ingkang awujud pangapuntening dosa. Awit saking punika, sumangga kita sami suka kalonggaran dhateng sesami kanggé saged sangkul-sinangkul ing salebetipun ngraosaken sih-nugrahanipun Gusti Allah, lan sami mesthèkaken ing salebeting manah, bilih kita badhé sami tansah gesang ing salebeting patobat jati. Amin.