PUNAPA SAMEKTA NRATAB?

Lukas 1 : 39–45

Lumebet wonten ing Minggu Adven ingkang kaping IV, kita dipun atag ningali agenging pakaryanipun Gusti Allah tumrap kawilujenganipun manungsa ingkang asring tanpa dinuga lan kawujud kanthi cara ingkang mboten dipun sangka. Nratab punika minangka satunggaling cara nanggepi kawontenan ingkang mboten kita aben ajeng, kawontenan utawi kedadosan ingkang mboten kanyana-nyana sak derengipun, gugah kawontenaning manah ingkang raos anteng lan mendha. Raosing manah ingkang nratab punika ugi saged kita raosaken gayut kaliyan gesang ugi kapitadosan kita. Kita mengertosi bilih sesambetan kita kaliyan Gusti Allah mboten saged dipun watesi dening pamawas lan pangajeng-ajenging manungsa. Gusti Allah nandukaken pakaryan ingkang mboten saged kanyana, semanten ugi pakaryan karahayon ing satuhu sampurna tumrap umat manungsa. Panjenenganipun piyambak ingkang rawuh ing jagad manjalma kanthi adeg diri minangka putraning manungsa.

Cariyos Maria lan Elisabeth (Lukas 1:39-45) kalih pawestri ingkang setunggal prawan taksih anem lan ingkang satunggalipun sampun adiyuswa. Ing satengahing kandhutan kekalihipun badhe rinonce cariyos ingkang winengku kabingahan tumrap sadhengah titah. Kekalih pawestri punika ugi nratab nampi warta gayut anggenipun sami ngandhut. Ananging anggenipun nratab punika mboten ngendheg anggenipun sami mbagi kabingahan, pepanggihanipun jalari suka bingah ing pangajeng-ajeng kababar awit kekalihipun pitados bilih ingkang dipun temahi punika minangka perangan saking kersa saha rancanganipun Gusti Allah, ingkang saestu endah; mboten namung kagem kekalihipun ananging langkung-langkung tumrap sadaya bangsa lan sawarnining titah. Kayekten gayut kaliyan karsa saha rancanganipun Gusti punika kawujudaken ing tumindak mbangun turut dhateng karsanipun Gusti Allah. Tuladha pambangun turut dhateng karsanipun Allah sampun kasampurnakaken wonten ing dhirinipun Sang Kristus piyambak. Timbalan mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti Allah badhe sangsaya wuwuh sinaosa nemahi kedadosan trataban ingkang kados punapa kemawon. Sampun ngantos namung mandheg ing raos trataban lang ngungun. Sumangga sami siyaga nemahi trataban lan kapasrahna gesang kita wonten ing kasaenanipun lan rancanganipun Gusti Allah ingkang rinengga ing kasaenan lan ingkang paring gesang lan daya karosan tundhonipun mbagi lan nyebarna kabingahan. Sugeng mahargya Natal, mapag miyosipun Gusti Yesus. Gusti mberkahi. Amin. Gusti Yesus hamberkahi.