Padha dadia Suci, jalaran Ingsun iki Suci
Waosan: Pangentasan 24: 12-18 | Mateus 17: 1-9
Gesang ingkang suci punika tegesipun mboten suci manut kekarepane manungsa, ananging suci punika mirunggan kagem Gusti lan manut karsanipun Gusti. Wonten ing sesambetanipun kaliyan Gusti Allah, manungsa kedah gesang wonten ing kasucen. Adhedhasar punika kita ngraosaken jejer “Padha dadia Suci, Jalan Ingsun ini Suci.” Kados pundi cara kita gesang ing kasucen?
Setunggal, gesang ingkang ngupadi sesambetan kaliyan Gusti. Gusti Allah sampun nimbali manungsa dados kagunganIpun. Gusti Allah karsa bilih manungsa tansah rumaket marang Panjenenganipun. Kita gatosaken sesarengan nalika Gusti Allah nimbali Nabi Musa lan maringaken angger-angger kagem Bangsa Israel. Nabi Musa nggadhahi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah, pramila nalika semanten naming Nabi Musa ingkang saged sowan madhep marang Gusti Allah wonten ing saklebeting kamulyanIpun.
Nomer kalih, gesang ajrih-asih dhumateng Gusti. Sesambetan ingkang rumaket marang Gusti kedah andhap-asor lan ajrih dhumateng Gusti. Punika tegesipun kita atur urmat lan ngakeni kuwoasipun Gusti ingkang agung ngatasi sadaya kawontenan. Raos ajrih-asih dipunwudjudaken kanthi gesang ngabekti dhumateng Gusti ing gesang padintenan lan ugi ing saklebeting pangibadah kita. Kanthi ajrih-asih marang Gusti, kita pasrah ing agenging pakaryan lan kuwaosipun Gusti ingkang ngayomi kita.
Ingkang nomer tiga, gesang suci punika dipunlampahi ing saklebeting sesambetan kaliyan sesami. Sesambetan kaliyan Gusti Allah kanthi gesang kamursidan karohanen piyambak mboten cekap menawi mboten wonten sesambetan ingkang sae lan mbangun-turut marang sesami. Sesambetan kaliyan sesami dipunwujudaken kanthi semangat pasedherekan ingkang ngraosaken caket kaliyan sesami manungsa, matemah mboten wonten tiyang ingkang dipunsingkiri. Menawi mboten wonten sesambetan kaliyan sesami, gesang punika muspra awit sejatosipun ugi mboten wonten sesambetan kaliyan Gusti. Pitados dhumateng Gusti, ugi nresnani marang sesami.
Taksih kathah kawontenan ingkang dados karsanipun Gusti supados kita tansah ngupadi gesang suci. Gesang suci punika sesambetan ingkang leres kaliyan sesami lan langkung malih sesambetan ajrih-asih lan urmat dhumateng Gusti. Gusti Yesus sampun paring tuladha kanthi sowan marang Allah Sang Rama. Para sakabat ningali Gusti Yesus sareng kaliyan Nabi Musa lan Nabi Elia inggih punika para nabi agung. Lajeng Gusti Allah paring pangandikan “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning penggalihingSun, Iku sira rungokna” dados pangandikan rumaketing sesambetan Gusti Yesus kaliyan Sang Rama. Gusti Yesus ugi sanget nresnani marang manungsa. Gesang suci tansah nuladha dhumateng Gusti. Amin..