Saking Pejah Tumuju Gesang

Yokanan 11: 1–45

Wonten waosan Yokanan 11:1–45 kita maos cariyos bab Lazarus, sedherek saking Maria lan Marta ing Betania. Lazarus gerah lan pungkasanipun pejah. Marta lan Maria sedhih sanget awit kecalan sedherekipun. Nalika Gusti Yesus rawuh, Lazarus sampun patang dinten wonten ing kubur. Kahanan punika katingalipun sampun tanpa pangarep-arep. Nanging Gusti Yesus paring pandangika marang Marta, “iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, senadyan wus mati.” (Yok. 11:25)

Saking cariyos punika kita saged sinau bab pakaryan kaliyan panguwaosipun Gusti Yesus. Ingkang sepisan, Gusti Yesus pirsa kaliyan preduli marang kasangsaran kita. Nalika ningali Maria lan sawetawis sedherek sami nangis, Gusti Yesus ugi nangis. Punika nedhahaken bilih Gusti mboten tebih saking kasangsaran lan panelangsaning manungsa. Nalika kita nandhang sedhih, sesakit, utawi kuciwa, Gusti Yesus ugi mireng saha ngraosaken.

Ingkang kapindho, Gusti Yesus kagungan panguwaos nglangkungi pejah. Nalika watu kubur dipun bikak, Gusti Yesus ngendika, “Lazarus, metua!” lan Lazarus ingkang sampun pejah punika medal saking kubur. Punika pratandha bilih ing Gusti Yesus wonten panguwaos gesang. Ingkang katelu, iman mindahaken kita saking pejah tumuju gesang. Pejah ingkang sejati mboten namung bab pejahing badan, nanging ugi pejah rohani amargi dosa. Nanging nalika kita pitados, sowan, lan tansah rumaket dhumateng Gusti Yesus, Panjenenganipun maringi gesang enggal.

Mila lumantar cariyos Lazarus punika kita dipun engetaken, sanadyan kahanan katingal peteng lan tanpa pangarep-arep, Gusti Yesus saged nggantos pejah dados gesang, kasangsaran dados panglipur, lan pepeteng dados pepadhang. Mugi kita tansah pitados dumateng Gusti Yesus, awit Panjenenganipun punika patangen saha kauripan. Ing Panjenenganipun kita dipun pindahaken saking pejah tumuju gesang. Gusti mberkahi. Amin.