TINIMBALAN SESARENGAN KANGGE MARTOSAKEN INJIL
Yesaya 9:1–4 | Jabur 27:1, 4–9 | 1 Korinta 1:10–18 | Matéus 4:12–23 Sabdanipun Gusti dinten punika ngemutaken dhateng kita bilih kawilujengan mboten nate kangge saperangan tiyang kemawon, ananging kangge tiyang kathah supados pepadhanging Sang Kristus saget madhangi jagad punika. Waosan Yesaya 9:1–4 nedhahaken bab Pangeran Yehuwah Sang Rama ingkang …