TINIMBALAN SESARENGAN KANGGE MARTOSAKEN INJIL
Yesaya 9:1–4 | Jabur 27:1, 4–9 | 1 Korinta 1:10–18 | Matéus 4:12–23
Sabdanipun Gusti dinten punika ngemutaken dhateng kita bilih kawilujengan mboten nate kangge saperangan tiyang kemawon, ananging kangge tiyang kathah supados pepadhanging Sang Kristus saget madhangi jagad punika. Waosan Yesaya 9:1–4 nedhahaken bab Pangeran Yehuwah Sang Rama ingkang mrastawakaken pepadang ingkang ageng sanget kangge bangsa ingkang gesang ing salebeting pepeteng. Pepadang punika mbekta kabungahan, kaluwaran, lan pangajeng-ajeng ingkang enggal. Pepeteng punika nggambaraken dosa, kasangsaran, kacingkrangan, kawontenan ingkang mboten adil, lan kawontenan tiyang ingkang mboten nggadhahi pangajeng-ajeng. Sang Yehuwah piyambak ingkang mundhut gagasan kagem madhangi saha nguwalaken umat kagunganipun. Pepadhang sakpunika sampun mawujud wetah ing diri pribadi Sang Kristus.
Ing waosan Jabur 27:1,4-9 mujudaken sesanggeman kapitadosan manungsa dhumateng pepadhanging Sang Yehuwah. Juru Masmur kanthi gumolonging manah ngandika, “Sang Yehuwah iku kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni?” Tiyang ingkang gesang ing pepadhanging Sang Yehuwah dipun kebaki ing kekendelan lan tansah nggadhahi pepinginan caket kaliyan Sang Yehuwah. Caketipun gesang dhumateng Sang Yehuwah punika ingkang dados tuking kekiyatan kangge martosaken Injil lan paseksen.
Martosaken Injil punika saged ngasilaken woh menawi dipun tindakaken ing sajroning patunggilan ingkang nyawiji. Rasul Paulus nyerat ing 1 Korinta 1:10–18 paring pitutur, “ … para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganthi pasulayan ing antaramu, nanging kowe padha raket rukuna, tunggal budi sarta tungga pangrasa.
Saking waosan Mateus 4:12–23, nyarisaosaken wiwitan peladosanipun Gusti Yesus wonten ing Galilea. Wonten ing kawontenan ingkang mboten sae, Yokanan Pembaptis kacepeng, malah Gusti Yesus miwiti pakaryanipun martosaken Injil kratoning Allah saha nimbali para siswanipun ingkang wiwitan. Saking waosan punika kita saged mendhet pangretosan bilih martosaken Injil punika minangka timbalan kita sesarengan, mboten namung setunggal tiyang kemawon.
- Injil dipun wartosaken ing satengahing pepeteng. Gusti Yesus miwiti pakaryanipun wonten ing Galilea, tlatah ingkang asring kasebat asor. Nanging ing panggenan punika malah pepadanging Allah dipunwartosaken. Dhawuhipun Gusti Yesus cetha, “Mratobata, awit kratoning swarga wis cedhak.” Injil dipun wartosaken mboten kedah nengga kawontenan ingkang sae. Gusti Yesus rawuh saha makarya wonten ing satengahing kawontenan ingkang cupet, kasangsaran, lan kawontenan gesang ingkang mboten pesthi.
- Timbalan kangge nderek, mboten namung mirengaken. Gusti Yesus nimbali Simon, Andreas, Yakobus, lan Yohanes lan banjur didhawuhi, “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru amek wong.” Lajeng sedayanipun niku mboten namung mirengaken kemawon, ananging lajeng enggal-enggal nilar jalanipun lajeng ndherek Gusti Yesus. Ndherek Gusti Yesus manut timbalan ingkang nyata nilaraken urip kepenak, kebiasaan lami, lan setya lelados ing dhawuh timbalanipun Gusti.
- Tinimbalan sesarengan lan dipun utus sesarengan. Gusti Yesus mboten nimbali siswanipun setunggal baka setunggal kangge lumampah piyambak-piyambak. Ananging Gusti Yesus damel patunggilan siswanipun ingkang lumampah lan ngladosi sesarengan. “Gusti Yesus miwiti lelana lan martosaken injil kratoning Allah lan nyarasaken sadengah lelara, sarupane memala kang tinemu ing satengahing bangsa kono.” Pawartosan Injil mboten ayahan/ jejibahan pribadi, nanging ayahan/ jejibahan sareng-sareng ing patunggilan. Saben tiyang nggadhahi ayahan/ jejibahan piyamak-piyambak ingkang cunduk kaliyan wedharan saking Roh Suci tumrap saben tiyang.
Ingkang dados pitakenan ing gesang kita :
1. Punapa kita sampun nampeni pepadhanging Sang Kristus lan sampun madhangi ing gesang sesarengan? Ing sajroning brayat, masyarakat, utawi greja punapa wujudipun gesang dados pepadhang punika?
2. Punapa tantangan ing gesang kangge martosaken Injil lan kados pundi ngatasi tantangan punika?
3. Punapa wujud lan cara kita saged martosaken Injil ing gesang kita padintenan lumantar patrap, tetembungan, lan tindak-tanduk kita?
Gusti Yesus nimbali panjenengan lan kula sanes namung kagem ndherek Panjenenganipun, nanging ugi kagem martosaken Injil sesarengan. Wonten pundi kemawon panjenengan lan kula wonten, kita sami dipuntimbali dados mitranipun Gusti supados padhanging kratoning Allah sangsaya nyata wonten ing donya punika. Amin.