PAMRATOBAT SAHA PAMBANGUN-TURUT
Yéhèzkièl 18:25–32 | Jabur 25: 1 – 6 | Filipi 2:1–11 | Matéus 21:28–32
Ing waosan Injil Matéus 21:28–32, kita maos pasemon bab tiyang ingkang gadhah putra kalih. Nalika bapakipun dhawuh supados putranipun nyambut damel wonten ing kebon anggur, putra ingkang angka kalih wiwitanipun matur, “Kula mboten purun,” nanging lajeng mratobat lan nindakaken dhawuh bapakipun. Déné putra ingkang pambarep matur, “Inggih, pak,” nanging mboten tumindak. Saking pasemon punika, Gusti Yésus maringi pitakenan ingkang prasaja: sinten ingkang saèstu nindakaken kersanipun bapak? Wangsulanipun cetha: ingkang manut lan nindakaken.
Pasemon punika ngélingaké kita bilih ing gesang kanthi pangandel, tembung ingkang saé dèrèng mesthi dados pratandha saking iman ingkang sejati. Kita saged asring ngucap, “Inggih, Gusti” nalika ndedonga, ngibadah, utawi ngucapaken pangaken iman. Nanging Gusti langkung midhangetaken punapa ingkang kita tindakaken wonten ing gesang saben dinten.
Waosan saking Yéhèzkièl 18 ugi ngélingaké bilih saben tiyang kedah tanggel jawab bab lampahipun piyambak. Gusti mboten karsa manungsa terus nyalahaké kahanan, tiyang sanès, utawa mangsa kapengker. Gusti nimbali kita supados sami mratobat, nilar lampah ingkang awon, lan gadhah manah ingkang énggal. “Padha mratobata lan padha ninggal sakèhing kaluputanmu, supaya kaluputanmu aja dadi sandhunganmu.” Pramila, gesang Kristen punika mboten namung babagan sinten kita lan punapa ingkang kita tuturaken kémawon, ananging langkung utami babagan dados punapa kita wonten ing ngarsanipun Gusti lan kados pundi kita gesang.
Jabur 25 maringi tuladha bab manah ingkang andhap asor: “Dhuh Yéhuwah, kawula mugi Padhuka paringi sumerep bab margi Padhuka,” punika minangka pandonga ingkang prayogi kita aturaken saben dinten. Kita mboten namung nyuwun berkah, kasil, kasarasan, utawi kasugihan, nanging nyuwun supados Gusti nuntun lampah kita wonten ing margi ingkang leres. Lan punika ugi dipunwulangaken kanthi langkung lebet wonten ing waosan Filipi 2. Rasul Paulus ngajak kita supados gadhah manah kados Sang Kristus: andhap asor, mboten kanggé nggatosaken kapentingan pribadi, nanging kapentinganipun tiyang sanès. Gusti Yésus piyambak sampun maringi tuladha kanthi ngasoraken dhiri saha nindakaken kersanipun Sang Rama. Menawi kita nyebat diri kita minangka umat Kristen, pitakènipun sanès namung, “Punapa ingkang sampun kula cariyosaken babagan pakaryanipun Gusti?” ananging ugi, “Punapa ingkang sampun kula tindakaken minangka wujud katresnan lan kasetyan dhumateng Gusti?”
Wonten ing brayat, punapa kita sampun dados tiyang ingkang maringi pangapunten? Wonten ing pasamuwan, punapa kita sampun purun lelados kanthi andhap asor? Wonten ing masyarakat, punapa gesang kita sampun dados berkah tumrap tiyang sanès? Lan nalika kita naté nyingkiri kersanipun Gusti, punapa kita taksih purun mratobat lan wangsul dhumateng margi-Nipun?
Gusti mboten ngersakaken kita dados tiyang ingkang namung mangsuli “inggih,” nanging malah mboten nindakaké. Gusti ngersakaken manah ingkang purun dipunewahi, purun mratobat, lan purun nindakaken kersanipun Gusti. Sumangga kita sami tansah nyenyuwun: “Dhuh Gusti, mugi karsa nuntun lampah kula wonten ing margi Paduka. Paringana kula manah ingkang andhap asor, purun ngrungokaké, purun mratobat, lan purun nindakaken kersa Paduka.” Ing wekasanipun, iman ingkang sejati mboten namung katingal saking punapa ingkang kita ucapaken, nanging saking katresnan, patrap andhap asor, lan tumindak ingkang kita lampahi saben dinten. Pitakenan kanggé kita renungaken sesarengan: “Menawi Gusti Yésus mirsani gesang kula dinten punika, punapa Panjenenganipun badhé manggihaken bilih tembung, iman, lan tumindak kula sampun laras kaliyan karsanipun Gusti?” Gusti mberkahi. Amin.