NULADHANI KATRESNAN, MARISAKEN KAPITADOSAN
Pangandharing Torèt 34:1–12 | Jabur 90:1–6, 13–17 | 1 Tésalonika 2:1–8 | Matéus 22:34–46
Menawi kita mawas kados pundi kok kathah laré ingkang kèndel lan boten purun cariyos kaliyan tiyang sepuhipun? Boten amargi para laré boten pitados kaliyan tiyang sepuhipun. Utawi nganggep menawi tiyang sepuhipun boten saged mrantasi damel, ananging para laré rumaos:
1) Boten dipun pirengaken
2) Ajrih dipun jeksani
3) Boten manggihaken raketing pangraos
4) Gesang ing jaman ingkang bènten kaliyan tiyang sepuhipun
Wusananipun para laré sami ngesokaken momotanipun ing papan sanès. Badhéa punika réncang punapa déné nyetatus (damel status) ing jagading media digital. Menawi boten, nggih namung dipun sidhem ing batos. Awit saking punika, sigeging sesambetaning laré lan tiyang sepuh kedah dipun pulihaken.
Dadosna uninga bilih samangké, jagading digital sampun dados “Omah Kapindho” tumraping para laré.
Jagading digital boten saged nyarirani:
• rangkulan
• pandelenging paningal
• pepanggihan/jejagongan
Jagading digital sagedipun namung maringi sesambetan tiron ingkang boten nyata, sanès rawuhipun ingkang nyata ing pasrawungan. Émanipun ingkang boten nyata punika samangké sekedhik mbaka sekedhik nyingkiraken kaginanipun brayat minangka wadhahing sesambetan ingkang sanyata. Nalikanipun brayat boten maringi raos tentrem, wusana para laré badhé mindhahaken kawigatosanipun dhateng HP. Menawi brayat boten saged maringi wangsulan tumrap geguletaning manahipun laré, mila jagading digital badhé nggentosi ingkang kedahipun katindakaken brayat.
Sampun samesthinipun kita sami nélakaken pitakèn: Saèstunipun punapa ta ingkang sami kita upadi ing satengahing brayat kita? Pangandikanipun Gusti dinten punika mbereg kita sadaya mawas lampahing gesang langkung lebet. Awit saèstunipun kita sedaya punika saweg nilari warisan. Wosipun wonten kalih warisan ingkang badhé dipun warisaken, inggih punika:
1. Legacy of Life (Warisaning Pagesangan)
Punika kalebet sedaya ingkang katingal lan saged dipun timbang (dipun ukur), kadosta:
• panggulawenthahing kawruh.
• panyambut damel.
• ubarampènipun gesang.
• ékonomi ingkang ajeg.
• mangsa mangajeng ingkang gumathok.
2. Legacy of Faith (Warisan Iman/Kapitadosan)
Punika ngewrat péranganing gesang ingkang langkung lebet tinimbang legacy of life (warisaning pagesangan), inggih punika:
• sesambetanipun kaliyan Gusti Allah
• kautamaning gesang
• ener lan ancasing gesang
• wewatekan
• iman/kapitadosan ingkang gesang
Gesanging manungsa punika boten kaétang saking punapa kémawon ingkang kita darbèni. Griya gedhong saged ical. Bandha donya saged telas. Aruming nama saged dipun supèkaken. Nanging punapa ingkang kita tanem ing gesanging trah putra wayah candhakipun, punika ingkang badhé lestantun. Awit saking punika, Gusti Allah boten nimbali kita murih pitados. Ananging ugi Gusti nimbali kita supados marisaken kapitadosan lan katresnan. Marisaken gesang ingkang mlampah ing patunggilan saha sesarengan kaliyan Gusti Allah.
Sumangga sami nggadhahi satunggal komitmen utawi prajanjèn prasaja: “Boten ngupadi brayat ingkang sampurna ananging brayat ingkang mbabaraken katresnan lan marisaken kapitadosan. Kumandela! Nalika katresnan kababar ing satengahing brayat, mila trah putra-wayah boten namung wanuh kaliyan Gusti Allah kémawon ananging ugi mlampah sesarengan Gusti Allah. Amin.