LEMBAGA KRISTEN MINANGKA AGEN PANGANTARA PANGAJENG-AJENG
Yehezkiel 37: 1 – 14
Ing satengahing jagad punika wonten paradoks ingkang mirunggan. Wonten kahanan ing pundi kemajengan ing pendhidhikan, keséhatan, lan tèknologi panci migunani kanggé ngunggahaké kualitas gesang tiyang kathah. Ananging ing kawontenan sanès adhedhasar survei saking manéka werni lembaga upaminipun déning Pew Research Center taun 2024 ing 34 negari, nedhahaké bilih 64% responden ngalami raos kuwatir, kamotan awrat ing ékonomi, raos sepen, lan ngraosaké mangsa ngajeng ingkang mboten pesthi. Kemajengan ing makro-ékonomi mboten lajeng dadosaké kasembadan lan kabungahané tiyang kathah lan ing gesang pribadi manungsa. Malahan sesambetan kaliyan sesami asring dados langkung ringkih, semana uga raos sami mbangun turut kaliyan sesami lan ing tumindak tumut lelados ing komunitas ingkang sangsaya suda.
Sinaosa kahanan samangké mboten ngantos risak kados ing jaman Bangsa Israèl kuna nalika ing pambuwangan wonten Babèl, ingkang wonten ing waosan Yehezkiel 37: 1–2 lan 11 kagambaraken kadya balung-balung garing ingkang tanpa pangajeng-ajeng, ananging samangké taksih kathah tiyang ingkang gesang ing kahanan ingkang tanpa pangajeng-ajeng. Momotan ing ékonomi awit rega kebutuhan sangsaya mundhak, arta blanjan ingkang suda utawa malah ical awit produktivitas ingkang suda utawi awit PHK (pemutusan hubungan kerja), kangèlan ing angsal pedamelan énggal, lan sakpiturutipun; awit pamréntah ingkang ugal-ugalan gunakaké dhuwit negara kanggé program-program politik ingkang kirang utawi malah mboten migunani tumraping masyarakat langkung-langkung kanggé wong cilik. Kahanan punika dadosaké gesang kados tanpa pangajeng-ajeng. Ugi wonten kahanan awrat awit gegelitaning gesang kados sesambetan bebrayan ingkang mboten rukun lan sepi ing katresnan, gesang peladosan ing pasamuwan lan masyarakat karaos mboten giyak, kirang greget ing patunggilan, lan pambanguning iman ingkang mboten gumregah.
Minangka para putraning Allah, lumantar tetingalan wahyu Nabi Yehezkiel, kita kaèmutaken bilih Gusti mboten naté nilar kita umat kagunganipun. Gusti tansah migatosaken kahanan kita saha rawuh ing satengahing gesang kita. Kadosdéné Gusti dhawuh marang Nabi Yehezkiel kanggé meca bab balung-balung garing supados sami gesang malih, semanten ugi Gusti nimbali kita kanggé neksèni minangka pribadi, pasamuwan, utawi lembaga Kristen (griya sakit, sekolah, panti asuhan, panti wrédha, griya singgah, gréja, lsp.) martosaken pangajeng-ajeng, nggesangaken malih tiyang ingkang kahanané kados balung garing ing sakiwa-tengen kita.
Mbabar pangajeng-ajeng punika martosaken Sang Kristus lumantar tumindak nyata. Mboten namung ing bab atur tetembungan ingkang nglipur, ananging ugi sinarengan katresnan nyata lumantar peladosan ingkang tulus éklas, pambiyantu ingkang trep kaliyan kabetahan lan kahanan, lan panyengkuyung ingkang lestari. Program-program ingkang karancang lan katindakaké mboten namung dados kegiyatan, ananging kagem pepulihaning gesang sesarengan. Lembaga Kristen madeg minangka lembaga ingkang preduli, kanthi mirengaken, nyengkuyung, lan nyawisaken kahanan ingkang tentrem-rahayu kagem tiyang ingkang gesangipun tatu.
Kanthi setya ing ajining gesang Kristen kaliyan Kitab Suci, lembaga-lembaga Kristen kedah tansah dados sumbering pangajeng-ajeng tumrap tiyang kathah lan mbangun turut ing gesang masyarakat supados langkung saé. Gusti mberkahi. Amin.
Pitakenan kanggé kita galih sesarengan:
1) Punapa kita samangké utawi ing wekdal kepungkur naté ngalami gesang kados balung garing, lan punapa ingkang kita tindakaken lan lampahi supados gesang malih?
2) Menawi kita manggih tiyang ingkang gesangipun kécalan pangajeng-ajeng, kados pundi kita saged nggugah gesang tiyang punika supados saged wungu lan gesang kanthi pangajeng-ajeng malih? 3) Tumindak nyata ingkang kados pundi saged kita tindakaken saksampunipun maos waosan Yehezkiel 37:1–14?