MIWITI SAKING PERKAWIS INGKANG ALIT UTAWI PRASAJA
Matius 13: 31-33, 44-52
Gesanging manungsa kawiwitan saking perkawis ingkang alit, umpaminipun kados pundi anggèn kita tansah ngraosaken pamuji sokur wonten ing gesang kita. Perkawis ingkang alit asring dipunsepélékaken lan mboten dipun peduliaken, ananging perkawis alit punika dados landhesan saking perkawis ingkang ageng. Mekaten ugi pakaryan lan kasaènan ingkang kedah dipun upayakaken, inggih dipun wiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit.
Waosan Injil Matéus 13:31-33 paring piwucal dhateng kita, bilih Kratoning Swarga kawiwitan saking perkawis alit lan prasaja. Gusti Yesus ngagem pasemon bab wiji sawi, ragi, lan mutiara ing adi.
1. Pasemon kapisan punika pasemon bab wiji sesawi ing ayat 31-32. Gusti Yesus ngandika “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane”. Sinaosa wiji sawi punika wiji ingkang alit, ananging saged tuwuh dados taneman wit ingkang ageng ingkang saged dados pangayoman lan nusuh peksi-peksi. Gegambaran bilih Kratoning Swarga tuwuh kanthi wiyar lan kawiwitan saking perkawis alit, ugi mucal dhateng kita supados mboten ngrèmèhaken iman kapitadosan alit ingkang kita wiwiti.
2. Saklajengipun Gusti Yesus ngagem pasemon bab ragi wonten ing ayat 33. Punika nggambaraken bilih kuwaosing Kratoning Swarga ing ngéwahi saking lebet, sakedhik ragi ingkang dipun wor kalih 3 pukat glepung ingkang mboten katingal, ananging kanthi alon ngresep lan ndadosaken sedaya adonan glepung wau saged mengembang utawi mekar. Perkawis punika nggambaraken bilih sabdanipun Gusti badhé ngéwahi manah kita saking lebeting manah lan gesang kita.
3. Ingkang kaping tiga, Mateus 13: 44-52. Bab raja brana ingkang kapendhem, mutiara ingkang adi, lan krakat ing kabucal wonten ing seganten. Punika ngemu suraos bilih Kratoning Swarga punika perkawis ingkang aji sanget, adi, lan mulya ingkang kedah dipun upadi kanthi nindakake perkawis alit lumantar katresnan ingkang ageng lan ndadosaken winih ing kratoning swarga wrading ing bumi. Pasemon punika ugi ngèngetaken dhateng kita bilih pukat krakat ingkang kabucal ing seganten pikantuk ulam ingkang manéka warni lan ingkang dipun kempalaken punika ingkang saé, wondéné ingkang awon dipun buwang.
Lumantar pasemon-pasemon punika Gusti nimbali lan mucal dhateng kita sami bilih Kratoning Swarga kawiwitan saking perkawis alit, mujudaken bilih sabdanipun Gusti ingkang kaudi déning tiyang pitados badhé tuwuh, ngrembaka, lan metohake woh-woh kasaénan lan katresnan ingkang ageng. Gesanging manungsa wonten ing donya punika mawarni-warni, wonten ingkang saé lan ugi ingkang awon. Makaten ugi wonten ing pungkasaning jaman Gusti Allah ugi badhé milah-milah tiyang ingkang saé lan ingkang awon. Sumangga kita ngupadi rawuhipun Kratoning Swarga kanthi nindakaken perkawis-perkawis alit lan prasaja.
Refleksi:
1. Kados pundi caranipun anggèn kita sami ngupadi rawuhipun Kratoning Swarga kanthi nindakaken perkawis alit utawi prasaja?
2. Punapa kita sampun nélakaken utawi tumindak ingkang kawiwitan saking perkawis alit utawi prasaja ingkang ndhatengaken katresnan ingkang ageng dhumateng sesami?
Gusti Yesus Kristus hamberkahi. Amin.