SANG KRISTUS RATUNING KAWILUJENGAN

Lukas 23: 33-43

Pasamuwan ingkang dipun tresnani déning Gusti, ing babagan punapa kémawon kita mbetahaken pemimpin, inggih punika ing masyarakat, ing bebadan usaha, ing gréja, lan sak piturutipun. Kita mbetahaken pemimpin ingkang saged ngayomi, wicaksana, lembah manah, lan sumadya berkurban kanggé kasaénanipun tiyang kathah ingkang dipun pimpin. Minangka tiyang Kristen, kita sami mangertosi bilih pemimpin punika ugi pelados, ingkang ngladosi tiyang sanès. Semanten ugi pemimpin negari ingkang wicaksana lan tansah lelados, saged mujudaken keadilan tumrap sedaya rakyat. Ananging pemimpin ingkang mboten saged mujudaken tentrem rahayu lan kawilujengan, rakyat mboten badhé pitados, ngendelaké, ngajèni, lan ngurmati piyambaké, ugi gampil dipun kawonaken dening para mengsahipun.

Kita sami nampi piwucal saking Lukas 23:33–43. Ing salebeting prastawa salib ingkang nggegirisi punika saèstu nélakaken bab ingkang wigati. Satunggaling pangaken bilih Gusti Yésus Kristus punika Ratu ingkang paring kawilujengan, punika kawedal saking pocapanipun satunggaling tiyang dursila ingkang kaukum sesarengan kaliyan Gusti Yésus. Wonten ing salebeting prastawa salib, kita nampi kawilujengan ingkang sejati saking Gusti Yésus. Lumantar pangurbananipun Sang Kristus, kita pinanggih kaliyan Sang Ratu ingkang saged paring kawilujengan sejati, ingkang paring gesang langgeng, ingkang tansah ngayomi, ingkang nresnani umat kagunganipun, saha ingkang karsa ngurbanaken sariranipun kanggé kita. Wonten ing Sang Kristus, kita manggih pemimpin ingkang mimpin, nyatunggilaken saha milujengaken umatipun ugi tansah nuntun, ngayomi, sarta paring kekiyatan supados kita saged nglajengaken lelampahan ing gesang punika. Sang Kristus punika jumeneng Ratuning jagad. Panjenenganipun ingkang ngayomi, ngiyataken, saha milujengaken kita. Amin.

Pitakenan kanggé kita sami:

  1. Kados pundi wujuding kapitadosan kita mbangun turut ing rawuhipun Kratoning Allah ing bumi punika kanthi tansah pitados dumateng Sang Kristus minangka pemimpin lan sesirahipun pra umat?
  2. Kados pundi wujuding gesang ngendelaken Gusti ingkang tansah mimpin gesang kita?