Nindakna Kamursidan, Nguculi Jireting Gesang
Bacaan : Yesaya 58: 9b-14 | Lukas 13: 10-17
Kamursidan dados margining gesang ingkang dipunremeni dening tiyang ingkang ngrasuk agama. Kamursidan punika kathah wujudipun. Asring dados pamanggih umum bilih wujudipun kamursidan punika nindakaken tata cara ibadah. Pamanggih punika leres ananging mboten cekap miturut sabdanipun Gusti Allah. Menawi tiyang ngrasuk agama namung nggadhahi pamanggih bab kamursidan sesambetanipun kaliyan tata cara ibadah (ritual) kemawon, ageng sanget bebayanipun. Kawontenan mekaten ndadosaken manungga dhawah dados tiyang lamis.
Tumindak lamis kalakon dening kepala papan pangibadah (Luk. 13: 14) nalika Gusti Yesus mucal ing papan pangibadah kalawau (ay. 10). Gusti Yesus paring wangsulan marang kepala papan pangibadah ingkang tetembunganipun nudhuhaken panerak ing dinten sabat nalika Gusti Yesus nyarasaken sibu ingkang wungkuk badanipun. Pangandikan bab larangan nyambut-damel panci dipunsebatkane ing Yesaya 58: 13. Angger-angger dinten Sabat dados ketat nalika sesambetanipun kaliyan tiyang sanes lan mboten preduli kabetahan lan kawontenanipun sesami, lan malah longgar nalika dipuntrapaken mareng dhiri pribadi (bab nguculi raja-kaya ing dinten Sabat). Wujud sejati kamursidan tiyang pitados inggih punika nindakaken kabecikan tumrap sesami. Salah sawijing kabecikan punika nalika tiyang pitados saged ngluwari sesaminipun saking jireting gesang.
Tumindakipun Gusti Yesus paring tuladha saking Yesaya 58: 9b-10. Gusti Yesus nyarasaken sibu ingkang wungkuk badanipun awit blenggu dhemit 18 taun. Sejatosipun kanthi piwulangipun Gusti Yesus ugi badhe ngluwari tiyang kathah saking blenggu manah ingkang lamis. Para putraning Allah kedah nindakaken kamursidan kanthi pangluwaran dhumateng tiyang ingkang gesangipun tanpa daya lan nandhang momotan. Kamursidan kedah dipuntindakaken kanthi pangibadah lan kawogatosan tumrap sesami ingkang selaras. Ingkang saged dipuntindakaken dening tiyang mursid kagem nguculi jireting gesang umpanipun paring panglipur tumrap tiyang nelangsa, paring kawogatosan tumrap tiyang ingkang tanpa daya, paring pambiyantu marang tiyang ingkang mbetahaken, lan sakpiturutipun. Taksih kathah jireting gesang ingkang mblenggu gesang manungsa. Pramila timbalan tiyang pitados minangka putraning Allah inggih punika ngluwari sesame saking jireting gesang. Gusti Allah badhe paring kuwaos kagem nindakaken pakaryan punika (Yes. 58: 10b-12). Amin.