WANTUN MENDHET KEPUTUSAN INGKANG LERES

Yésaya 51:1–6 | Jabur 138 | Rum 12:1–8 | Matéus 16:13–20

Ing salebeting gesang, kula lan panjenengan asring dipunabenajengaken ing kawontenan  ingkang manekawarna. Wonten kawontenan ingkang dipunputusaken kanthi gampil lan wonten kawontenan ingkang dipunputusaken kanthi putusan ingkang mbetahaken kawasisan, kawicaksanan, lan kewantunan amargi kedah nglawan arus; awit keputusan ingkang dipun pendhet bènten kalih pemanggihipun tiyang kathah, tekanan lingkungan, lan kapentingan sapérangan pribadi. Sabdanipun Gusti dinten punika paring piwucal dhateng kula lan panjenengan bilih keputusan ingkang leres kedah dipunputusaken kanthi dhasar ing iman/ kapitadosan dhumateng Gusti, sanès namung miturut pikajengipun manungsa.

Wonten ing Matéus 16:13–20, Rasul Pétrus wantun ngakeni menawi Gusti Yésus inggih punika Sang Kristus (Mèsias), Putraning Allah ingkang gesang. Pangaken punika mboten medal saking manungsa, ananging amargi pangandika saking Gusti Allah. Pangaken Rasul Pétrus bab Gusti Yésus punika Sang Kristus (Mèsias) dados dhasar/ landesan ingkang kiyat kanggeé gesangipun Rasul Pétrus, semanten ugi kula lan panjenengan.

Yésaya 51:1–6 ngèmutaken kula lan panjenengan umat kagunganipun Gusti Allah supados tansah ènget dhumateng Sang Yéhuwah minangka sumbering kawilujengan ingkang langgeng. Donya saged éwah, ananging sabda kaliyan pakaryan kawilujengannipun Sang Yehuwah Allah punika langgeng ing salami-laminipun. 

Lumantar Serat Rum 12:1–8, Rasul Paulus ngajak saben tiyang pitados supados misungsungaken gesangipun minangka pisungsung ingkang gesang lan mboten dados sami kaliyan donya, nanging ngraosaken éwah-éwahan wonten ing gesangipun. Pramila éwah-éwahan punika kuwawi/ saged mbèntenaken pundi kersanipun Gusti, pundi ingkang saé, pundi ingkang ndadosaken keparengé Gusti Allah, lan kang sampurna. Tiyang ingkang mendhet keputusan adhedhasar kersanipun Gusti Allah badhé nganggé ganjaran ingkang peparingipun Gusti kanggé ngladosi tumrap sesami. 

Sauntara punika, ing Jabur 138 paring piwucal dhateng kula lan panjenengan bilih Gusti Allah ingkang tansah nganthi kaliyan paring kekiyatan marang saben tiyang ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Kula lan panjenengan mboten prelu ajrih ing mendhet keputusan ingkang leres amargi Gusti Allah piyambak ingkang nuntun lampah kula lan panjenengan.

Piwucal ingkang saged kula lan panjenengan tindakaken wonten ing gesang padintenan:    

  1. Wantun ngendika jujur sanadyan kajujuran mbekta risiko.
  2. Mboten purun ngapusi, korupsi, utawi nindakaké ingkang mboten leres sanadyan kathah tiyang nglampahi punika.
  3. Milih kanggé paring pangapunten tinimbang mbales piala.
  4. Ngginakaken keprigelan lan kesagedan kanggé ngladosi brayat/ warga gréja, kanca ing sekolah/ pasinaon, utawi masyarakat.
  5. Tansah ngupadi karsanipun Gusti lumantar pandonga lan sabdanipun Gusti, sakdèrèngipun mendhet keputusan ingkang wigatos. 

Pandonga: Dhuh Yehuwah Allah/ Gusti Yésus Kristus mugi paring tumrap kawula manah ingkang tanggap/ peka dhumateng kersa Paduka saha paring piwucal tumrap kawula supados wantun mendhet keputusan ingkang leres sanadyan mboten gampil. Gusti Yésus mugi paring kesagedan dhateng kawula supados saged gesang cundhuk kaliyan sabda Paduka lan saged dados berkah kanggé tiyang sanès. Amin.