RATU INGKANG PRASAJA

Matéus 25: 31-46

Wekdal punika kita minangka greja sariranipun Sang Kristus mahargya Minggu Kristus Ratuning Jagad. Pahargyan punika nandhesaken bilih Gusti Yesus punika Ratu tumrap saindenging jagad. Minggu Kristus Ratuning Jagad punika katindakaken wonten ing minggu pungkasaning ing taun liturgi, inggih punika  minggu pungkasan sakdèrèngipun Mangsa Adven kawiwitan.

Punapa ingkang kita bayangaken bab ratu? Temtu kemawon ngengingi kraton kang éndah, kuwaos ingkang ageng ingatase kraton lan negari, ageman ingkang paling saé, bandha ingkang kathah, lan dhedhaharan ingkang kathah, kados déné ingkang asring kita mengertosi bab ratu ing donya punika. Sedaya kamulyan minangka Ratuning Jagad saha sedaya titah punika kagunganipun Gusti Yesus Kristus. Ananging Gusti Yesus punika ugi Ratu ingkang prasaja, ateges Ratu ingkang ngatingalaken kawontenanipun ingkang lembah manah saha karsa ngasoraken Dhiri.

Injil Matéus nyerat piwulangipun Gusti Yesus punika wonten ing pungkasan sakdèrèngipun Panjenenganipun ngendikakaken bab kasangsaran lan rancangan pepati tumrap Panjenenganipun (Matéus 26:1-5). Pasemon ingkang kawucalaken déning Gusti Yésus cetha sanget, bab kados pundi kedahipun kita sesambetan kaliyan tiyang sanès. Lumantar pasemon punika Gusti Yesus ngendika, bilih nalika Putraning Manungsa rawuh ingkang kaping kalihipun, saben tiyang badhé tanggel jawab tumrap punapa ingkang sampun katindakaken ing gesangipun.

Kathah tiyang ingkang mbayangaken bilih Gusti Yésus punika badhé mawujud wonten ing perkawis ingkang ageng, tiyang ingkang luhur. Ananging pasemon punika malah kepara negesaken bilih Panjenenganipun rawuh lumantar tiyang ingkang kerapan, ingkang sami ngelak, ingkang lelana, ingkang wuda, ingkang kinunjara, lan ingkang sakit. Pasemon punika paring piwucal dhateng kita supados nindakaken kasaenan lan purun tetulung kanthi tanpa winates mirunggan tumraping sedherek ingkang paling asor kahananipun.

Katresnan punika katindakaken kanthi

  • paring tetedhan tumrap tiyang ingkang kaluwen,
  • paring omben-omben dhateng tiyang ingkang ngelak,
  • paring papan dhateng tiyang ingkang mbetahaken tumpangan,
  • paring panglipur dhateng tiyang ingkang kinunjara.

Tetulung punika kedahipun boten ngetang bab untung-rugi, ananging peladosan ingkang tulus, kanthi gumolonging manah, lan kebak katresnan tumrap tiyang ingkang sèkèng, asor, lan tiyang ingkang kasingkiraken. Kanthi punika, kita ndhèrèk lelados dhumateng Gusti Yésus Kristus lan kagem kaluhuranipun Gusti Sang Ratunipun jagad.

Kagem diskusi:

  1. Wonten ing reribet tumandang (kesibukan) ing gesang kita, sinten “sedhèrèk ingkang asor lan ringkih” ing sakiwa tengen kita ingkang nengga uluran asta kita lan kasaénan kita?
  2. Punapa kita sampun saged nindakaken kasaénan lan purun tetulung kanthi tanpa winates?

Gusti Yésus hamberkahi. Amin.