MAKARYA, NGLARASAKEN MARING ROH SUCI
Lelakoné Para Rasul 2: 1–21
Sugeng dinten Riyaya Pentakosta! Ing salebeting mahargya dinten Pentakosta, kita sami kaemutaken ing kasunyatan gesang bilih pambanguning gesang lan ngener dhateng tentrem rahayu punika mbetahaken kahanan ingkang laras. Semanten ugi gesangipun tiyang pitados punika kedah laras kaliyan pakaryan saha karsanipun Gusti Allah satemah gesang kabangun, gumregah, ngrembaka, lan ngener dhateng tentrem rahayu. Larasipun gesang tiyang pitados punika maujud ing pangrehipun Sang Roh Suci kadosdene sampun nyata ing prastawa Pentakosta. Kadospundi wujudipun gesang ingkang laras kalayan Sang Roh Suci?
Ing prastawa Pentakosta, Roh Suci tumedhak ing para sakabat, banjur para rasul sami ngandika ngagem basane wong-wong saking maneka bangsa ingkang wonten ing Yerusalem. Pamedharing Injil punika pakaryanipun para rasul, ingkang laras kaliyan pakaryanipun Sang Roh Suci ingkang nyagedaken para rasul punika sami ngagem maneka werni basa sakehing bangsa. Maneka werni basa kagunake kangge medharaken bab pakaryanipun Gusti Allah ingkang ageng wonten saha lumantar Sang Kristus. Banjur gesang umatipun Gusti sami kabangun, kathah ingkang pitados, mratobat, lan kabaptis.
Pentakosta mboten namung bab pakaryanipun para rasul kemawon, ananging ugi bab gesang lan pakaryan kita sami umat kagunganipun Gusti ing wekdal samangke. Roh Suci tansah nedhaki gesang kita, lan kita sami mbikak manah dhumateng pangrehipun Sang Roh Suci. Punika sinarengan kita sami sinau lan nyuraos bab sabdanipun Gusti, kaliyan dipunwujudaken ing gesang sesarengan lan gesang pribadi. Sedayanipun punika proses ing sadangunipun gesang kita, gesang mituhu ngener dhumateng Gusti saha karsanipun kanthi kita sesarengan mbangun turut ing pakaryanipun Sang Roh Suci ing jagad punika. Gusti tansah mberkahi. Amin.