TAMPANANA WARTA KABINGAHAN
Jabur 19 | Nehemya 8: 1–4, 6–7, 9–11 | Lukas 4: 14–21
Menawi kita nampi kabar kabingahan, kados lulus ujian sekolah, saget katampi anggenipun nglamar padamelan, lan sapiturutipun, padatanipun kita ngraosaken bingah lan ngetingalake raos remen dhumateng tiyang sanes ing sacelak kita semanten ugi saget dhateng brayat utawi tepangan kita. Raos bingah punika gampil ndadosaken tiyang sanes ugi nderek ngraosaken bingah, gampil nular.
Wonten ing waosan kitab Jabur minggu punika, Prabu Dawud nyerat bilih langit punika nyariosake kamulyanipun Allah. Menawi kita nitih pesawat lan ing awang-awang pas nedheng sae, kaendahahipun mega ingkang ketingal saking cendhela pesawat saestu nyariosake kamulyanipun Allah ingkang sampun nitahaken langit, bumi, lan sedaya isinipun. Sedaya ketingal edi peni ing nginggil angkasa.
Saking Kitab Nehemya kita sinau saking umat Israel sasampunipun wangsul saking pambuwangan sami sarujuk nglumpuk ing Yerusalem mirengake Kitab Toret Nabi Musa. Awit ningali umat sami nangis mirengaken surasanipun Toret nuli Nabi Nehemya ngandika “…. kowe aja padha prihartin, lan aja nangis” (Nehemya 8:10), kalajengaken ”…. wis muliha, mangana enak …. menehana berkat marang wong kang ora duwe apa-apa” (ayat 11).
Saking Injil Lukas kita sinau lan mangertos bilih pakaryaipun Gusti Yesus punika ngasta pawartos kabungahan ingkang paring tentrem rahayu lan kawilujengan tumrap manungsa. Gusti Yesus nyuraos kitab Nabi Yesaya, “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran” (Lukas 4:18-19). Gusti Yesus lajeng paring piwulang, “ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe pada ngrungokake” (ay.21).
Pawartos bab pakaryanipun Gusti Yesus marang jagad punika mboten cekap namung kita tampi kangge dhiri pribadi lan brayat kita piyambak, ananging ugi kita sami nggadahi tugas kangge martosaken kabar kawilujengan dhumateng tiyang sanes mirunggan ingkang sami dereng tepang kaliyan Gusti Yesus. Sumangga dhawuh timbalan punika kita lampahi ing gesang kita supados langkung kathah tiyang ingkang sami pitados lan mratobat, nampi pawartos kabungahan saking Allah Pangeran wonten ing Gusti Yesus Sang Kristus. Amin.