Dipun Ewahi Déning Sih Rahmat

Lelakoné Para Rasul 2: 42-47

Tiyang Kristen, pasamuwan, ngakeni lan pitados bilih piyambakipun punika titah anyar (manusia baru). Titah ingkang Karana Sih Rahmatipun Gusti sampun dipun ruwat saha dipun tebus dosa-dosanipun déning Gusti Allah lumantar pakaryanipun Sang Kristus.

Jejering titah ingkang sampun kaanyaraken temtu kedah ngetingalaken gesangipun minangka titah anyar, inggih punika wujuding éwah-éwahaning Gesang.

Waosan ing nginggil bab pasamuwan ingkang wiwitan, nélakaken wujuding gesanging pasamuwan ingkang sampun nampi éwah-éwahaning gesang (gesanging tiyang pitados ingkang rumaos tampi Sih Rahmatipun Gusti.

Kados pundi pasamuwan wiwitan nélakaken éwah-éwahaning Gesang Awit saking Sih Rahmatipun Gusti ?

1. Tekun ing tetunggilan (bersekutu) saha ngantebi ing piwucalipun para Rasul.

2. Rukun, sami déné nggatosaken

3. Ngremenaken, njalari tiyang manjing pitados.

Gesang ingkang nélakaken Dipun Ewahi Déning Sih Rahmatipun Gusti punika mujudaken Dhawuh Timbalan utawi Pengutusan (tugasipun) ingkang Kedah dipun lampahing dening tiyang Kristen  utawi Gréja/ pasamuwan.

Dados Pasamuwan wiwitan punika mujudaken  conto/tuladha menggah gesanging Pasamuwan ingkang sampun Dipun Ewahi Déning Sih Rahmat.

Kados pundi gesang kita setunggal setunggal saha Pasamuwan ingkang pitados bilih sampun nampi Sih Rahmatipun Gusti?

Punapa sampun ngetingalaken éwah-éwahaning Gesang awit Sih Rahmatipun Gusti?

Sumangga dipungalih saha  dipunraos-raosken.