NGEMBAN DHAWUH KANTHI MANAH KAGUBEL RAOS AJRIH

Mateus 2: 13-23

Kita mangertos bilih Gréja utawi tiyang pitados gesang wonten ing jagad punika ngemban dhawuhipun Gusti, inggih punika martosaken Kabar kabingahan (Injil).

Ngemban Dhawuhipun Gusti martosaken Injil punika mboten gampil, awit kathah perkawis ingkang awrat lan kita asring kepara rumaos mboten kuwagang ngadhepi perkawis punika.

Waosan ing nginggil nyariosaken bab anggènipun bapa Yusuf lan Ibu Maryam nuhoni dhawuhipun Gusti. Kita mangertos kados pundi raosipun bapa Yusuf lan ibu Maryam rikala nampi pawartos kedah ngandheg (nggarbini/hamil) bayi Yesus ing kawontenan nembé pepacangan. Salajengipun ing waosan punika mratélaaken bilih kedah késah ngungsi awit wontenipun pangancam saking raja Herodes anggènipun badhé merjaya bayi Yesus.

Temtu sadaya punika nuwuhaken raos was sumelang lan ajrih tumraping bapa Yusuf lan ibu Maryam.

Ananging menawi kita gatosaken waosan punika, tetéla bilih lelampahanipun bapa Yusuf lan ibu Maryam punika sampun kaweca (dinubuatkan) dening para nabi, tegesipun bilih Gusti Allah pirsa punapa ingkang badhé dipun alami dening bapa Yusuf lan ibu Maryam. Pramila Gusti Allah paring dhawuh saha pitedah dhateng bapa Yusuf supados ngungsi dhateng Mesir.

Kita sadaya mestinipun naté ngalami, bilih ing salebeting ngemban lan nuhoni dhawuh timbalanipun Gusti kagubel raos was sumelang lah ajrih kados déné bapa Yusuf lan ibu Maryam, ananging lumantar waosan ing nginggil kita kaémutaken bilih punapa ingkang dipundhawuhaken déning Gusti punika wujuding pamrayogi kanggé kasaénan lan kawilujengan kita.

Sekedap malih kita lumebet ing warsa 2026 ingkang kita sedaya mboten mangertos punapa ingkang badhé kalampah utawi kita alami, nanging temtunipun ugi mboten sepen saking rubeda saha tantangan. Ing ngriku kita taksih tetep ngemban dhawuh saking Gusti.

Dhawuh Pangandikanipun Gusti ing nginggil punika ngatak dhateng kita supados mboten was sumelang lan ajrih anggèn kita nglampahi gesang ngemban dhawuh ing warsa ingkang énggal, sanadyan kawontenanipun dipunwawas mrihatosaken lan ngajrih-ajrihi.

Gusti Allah ingkang pirsa ing samukawis ingkang badhé kalampah, mesti nuntun kita tumuju ing kasaénan saha kawilujengan. Pramila sumangga kita sami nindakaken dhawuhipun Gusti nglampahi gesang ing warsa 2026 kanthi pitados lan manteb ing manah, mboten kagubel raos ajrih, awit Gusti pirsa saha mrayogèkaken punapa ingkang saé kanggé kita. Amin.