PUNAPA WONTENIPUN PUNIKA SANES KASRAKAHAN

Matéus 4: 1-11

Kawontenaning alam donya punika sangsaya risak, awit kathah tiyang ingkang gesangipun namung mbujeng kajengipun piyambak-piyambak. Inggih awit kasrakahaning tiyang ing gesangipun, pramila kathah kawontenan bencana kados déné banjir, lindhu, alas kobongan, siti-siti sami jugruk (longsor) lan sapanunggilanipun ingkang kedah dipun adhepi déning masyarakat, kamangka kedahipun manungsa punika dipun kersakaken Gusti Allah kagem ngreksa, njagi, nglestantunaken, ngalah, punapa ingkang sampun dipun titahaken Gusti Allah.

Gesang srakah utawi kasrakahan, kemaruk, rakus, tamak punika ateges gesang ingkang nggadhahi pepinginan kanthi ngregem sedaya kanggé dhirinipun piyambak utawi pribadinipun. Bandha, panguwaos, lan kalenggahan kadadosaken rebatan kanggé mamèraken anggènipun kasil utawi punapa kemawon ingkang saged kagayuh. Kosok wangsulipun gesang punapa wontenipun punika utawi prasaja, sak limrahipun ateges gesang kanthi kajujuran, gesang ingkang mboten nggadhahi pepinginan ingkang mubra-mubru utawi jor-joran.

Wonten ing wiwitaning pakaryanipun Gusti Yésus sak sampunipun pambaptisan, Gusti Yésus katuntun déning Roh wonten ing ara-ara samun lan ngadhepi panggodha dayaning kasrakahan. Kita dipun ajak sinau saking tuladha Gusti Yésus.

Wonten tigang perkawis ingkang saged kita manungsa dhumawah ing dosa:

1. Sepisan iblis nempuh kabetahaning tiyang ingkang pokok inggih punika raos ngelih. Tetedan godha punika mboten namung perkawis tetedan, ananging menggah sinten ingkang nguwaosi lan ngrimati gesang. Gusti Yésus mulangaken caranipun nglawan kasrakahan kanthi nggrengsengaken manah anggènipun gumantung namung dhumateng Gusti Allah. Sabdanipun Gusti Yésus, “uripe manungsa ora mung saka roti bae, nanging saka sakabèhing sabda kang miyos saking lesanipun Gusti Allah,” punika dados wangsulan kagem nglawan mendhet tumindak srakah.

2. Iblis nggodha dhumateng Gusti Yesus bab katresnanipun Gusti Allah. Iblis munjuk, “menawi saèstu Panjenengan dipun tresnani Gusti Allah, Panjenengan anjlok mengandhap saking payoning pedaleman suci temtu Gusti Allah badhé njagi kawilujenganipun.”

3. Iblis banjur nggodha Gusti Yésus supados mamèraken panguwaosanipun. Godha kanggé dados srakah saha ndarbeni samukawis sedaya dados puncaking panggodha ingkan dipun alami Gusti Yésus. “Punika sedaya badhé kula caosaken dhateng Panjenengan anggènipun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.” Margi trabasan kanggé ndarbèni samukawis sedaya, tanpa salib dalah sangsara, dipun tawaraken déning iblis. Gusti Yésus ngruntuhaken srakah, lumantar anggènipun rumaket dhateng Gusti Alah, Gusti Yésus mulangaken iman sejati lair saking anggènipun rumaket dhumateng Sang Rama.

Sabdanipun Gusti Yésus punika mulangaken kita nyingkiri cara gesang srakah, saha dhatengaken lampahing gesang punapa wontenipun, sak limrahipun, lan prasaja. Pitakenan kagem kita: 1) Punapa saestu kita ngrumaosi bilih kita taksih gadhah raos srakah ing bab pepinginan? 2) Kados pundi kita ngenggalaken dhiri nebihi gesang srakah lan gesang prasaja kanthi kebak raos sokur? Wonten cak-cakaning gesang prasaja wonten ing mangsa Paskah saged kita isi mawi nindakaken siyam utawi sesirik, minangka pangudi kanggé nebihaken dhiri saking gesang srakah, lan ugi gesang punapa wontenipun kanthi mboten mamèraken kasaénan ingkang sampun kagayuh, mitulungi tanpa ngajeng-ajeng pangakening liyan. Gusti Yésus hamberkahi. Amin.