NGRIMATI KAPITADOSANING BRAYAT

Lukas 18: 9-14  |  Jabur 84: 2-3  |  Yeremia 14: 7

Lelampahaning gesang minangka brayat kita kadhangkala utawi asring niba-tangi krana dosa, karingkian, kawurungan, lan pepalang ing gesang. Perkawis punika ndadosaké kita asring rumaos tanpa daya, sisah, lan péngénipun sumarah mawon. Ananing ugi wonten kahanan sanès ing pundi tiyang nganggep awaké dhéwé sampurna lan ngrèmèhaké marang wong liya. Patrap umuk punika ndadosaké crah ing satengahing brayat lan gesang memitran. Pramila Gusti Yésus paring piwulang bab gesang ingkang andhap asor. Gusti Yésus paring pasemon ing Injil Lukas 18:11-14 ingkang nyariyosaken wonten kalih tiyang ingkang ndedonga dhumateng Gusti Allah ing Padaleman Suci. Ingkang setunggal inggih punika tiyang Farisi ingkang rumangsa sampurna senajan nembé ndedonga ing ngarsanipun Gusti Allah. Tiyang Farisi punika ugi ngrèmèhaké marang juru mupu béa ingkang ugi nembé ndedonga. Tiyang ingkang nomer kalih punika juru mupu béa, ingkang ndedonga kanthi ndhingkluk, tebah dhadha, lan sesambat dhumateng Gusti Allah, “Dhuh Allah kawula tiyang dosa mugi Paduka melasi.” Cariyos saking Gusti Yésus punika kita sinau supados gesang pitados punika dipunlampahi kanthi andhap asoring manah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

Wontening Jabur 84:2-3 kita mangertosi raosipun Juru Masmur ingkang kangen lan kepéngén sanget ngraosaken dalem plataranipun Sang Yéhuwah. Raos kangen dhumateng Gusti punika salah satunggaling wujud kapitadosan ingkang mbangun gesang karohanèn. Gesang pitados punika tuwuh lan maujud ing satengahing brayat. Brayat punika minangka gréja alit, dados papan ingkang utami kagem mbangun sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah. Pepanggihan kaliyan brayat nuwuhaken pengalaman spiritual. Pengalaman gesang sesarengan ing brayat dados panggènan ingkang tinarbuka kagem saben warganing brayat ngraosaken pakaryan sih katresnanipun Gusti Allah. Gesang ing katresnan lan kapitadosan ingkang tuwuh ing satengahing brayat, ugi dipunwujudaken ing sesambetan kaliyan sesami. Lumantar punika sedaya saben warganing brayat sami tuwuh lan ngrembaka ing kadiwasan lan dados pribadi ingkang tansah muji syukur dhumateng Gusti. Gusti karsa ngulungaken astanipun, nangèaken, lan njejegaken malih gesang para umatipun ingkang niba-tangi krana dosa.

Sumangga kita sami ngrembag dhawuh timbalanipun Gusti kanggé brayat kita. Wonten ing kawontenan brayat ingkang saé, kados pundi kita ngrimati gesang karohanèn supados tansah ènget bilih Gusti punika sumbering berkah, lan kita mboten ngendelaken kesagedan kamanungsan kita pribadi? Wonten ing kahanan gesang brayat ingkang awrat lan ngadhepi pepalang, kados pundi kita njagi kapitadosan ingkang tansah tumuju dhumateng Gusti lan mboten dhawah ing panggodha?

Lumantar Yeremia 14: 7 kita dipun èngetaken supados kita gesang kanthi tansah ngendelaken Gusti. Semanten ugi wonten ing satengahing brayat kita, namung Gusti ingkang dados sumbering gesang lan berkah. Lumantar ngrimati kapitadosaning brayat, saben brayat kaajab sageda ngresepi lelampahan gesangipun ingkang tansah sinartan déning Gusti. Rahayu tiyang ingkang sami manggèn ing padalemanipun Gusti, saha tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. Sumangga kita tanggepi sih karesnanipun Allah kanthi kebak ing raos sokur. Amin.