DIWASPADA MARANG KAREM BANDHA
Waosan: Amos 6:1a, 4-7 | 1 Timotéus 6:6-19 | Lukas 16:19-31
Para sedhèrèk ingkang dipun tresnani Gusti, kagem Gusti Yésus ukuran kagem nyebat tiyang rahayu punika bènten kaliyan ukuran ingkang asring kaginakaken déning manungsa. Malah saged dipun wastani cengkah, tumrap manungsa ukuran bab rahayu punika menawi sampun sarwi kacekapan ing samukawisipun, kabetahan dasar cekap, ketenangan emosional kelampah, badan seger saras, lan mboten ngalami lan ngadhepi momotan ingkang awrat. Ananging kagem Gusti Yésus mboten makaten. Miturut Gusti, kawontenan rahayu punika saged karaosaken nalika ing salebeting kaprihatosan lan kawontenan ingkang winates. Bab ingkang makaten punika saged kita tingali saking waosan Injil Lukas 6:20-26. Amargi wonten ngriku kaserat sabdanipun makaten, “Rahayu kowé kang padha mlarat, rahayu kowé kang saiki padha keluwèn, rahayu kowé kang saiki nangis, rahayu kowé marga saka Putraning Manungsa, kowé padha disengiti wong, disingkangsingkang sarta diwewada, apadéné jenengmu dianggep ala lan diemohi.” Piwucal ingkang kados mekaten punika ugi wonten ing waosan Injil dinten punika amargi wonten ing “pasemon bab wong sugih lan Lazarus ingkang miskin,” kawartosaken kanthi cetha bilih ingkang badhé ngraosaken rahayu punika ingkang miskin lan nampi panandhang. Kosok wangsulipun ingkang sugih malah nampi kasisahan ingkang ageng. Pitakènanipun, bab punapa ingkang kinersakaken Gusti Yésus lumantar piwucal punika? Punapa punika ateges tiyang pitados boten kepareng ngraosaken gesang ingkang sugih lan kalubèran? Utawi punika nggadhahi teges tiyang ingkang sangsara, miskin lan nandhang, mesthi badhé ngraosaken rahayu? Sumangga kita sinau sesarengan.
Menawi kita raosaken kanthi saèstu wonten ing pasemon “wong sugih lan Lazarus” ingkang kaserat ing Injil Lukas 16:19-31, kita saged manggih piwucal bilih ingkang dados sabab tiyang sugih kalawau nampi kasangsaran sasampunipun seda, sanès amargi kasugihanipun, ananging amargi patrap ingkang dipuntindakaken nalika taksih gesang sesambetan kaliyan kasugihan ingkang dipun gadhahi, antawisipun:
• Sikap ingkang asring pamèr kasugihan saha kalenggahanipun
• Sikap ingkang nglirwakaken Gusti
• Sikap ingkang mboten preduli, lan mboten purun andum berkah dhateng asanès
Tokoh Kitab Suci jaman Prajanjian Lami punika kathah ingkang sugih nanging samidéné remen andum berkah, contonipun Ayub lan Abraham. Ayub punika tiyang mursid ingkang tansah pitados lan gesang ngendelaken Gusti. Ugi Ayub ènget kanggé nyuwun pangapunten dhumateng Gusti kanggé anak-anakipun. Abraham remen andum berkah lan mboten srakah. Waosan Injil dinten punika, nélakaken bab tiyang sugih ingkang boten preduli tumrap sesami, remen pamèr, lan nglirwakaken Gusti Allah.
Seratipun Rasul Paulus dhateng Timotéus ing 1 Timotéus 6:6-19, kita nampi gambaran bilih ingkang dadosaken tiyang sugih punika mboten preduli, amargi tiyang punika karem bandha. Kanggénipun tiyang punika, raja brana lan arta punika sanès wujuding sarananing gesang, ananging dados ener ing gesang. Kanthi makaten manahipun sampun katutup dening sikap serakah, lan karem bandha. Emanipun, patrap karem bandha punika ugi asring dipun tindakaken déning tiyang ingkang kagungan kasugihan punapa déné kalenggahan. Bab punika kacetha wonten ing kitabipun Nabi Amos. Ing kitabipun nabi Amos, kasebataken kathah tiyang sugih lan ingkang kagungan kalenggahan sami migunakaken kasugihan saha kalenggahanipun, mboten kanggé nindakaken sikap preduli dhateng tiyang miskin lan tinindhes, lan malah kanthi sengaja nindakaken kekerasan migunakaken kasugihanipun. Nalika kasugihan punika kaanggep minangka tujuan lan enering gesang, ugi dipun dadosaken ukuraning karahayon, punika badhé nuntun tiyang dhateng patrap ingkang nganggep halal tumindak menapa kémawon, kalebet nindakaken kekerasan. Lan nalika punika katindakaken, nggadhahi akibat tiyang punika badhé dhawah ing dosa.
Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga tansah paring pangertosan dhateng brayat, samia waspada amargi rajabrana lan arta utawi mamon punika sanès enering gesang kita, ananging namung sarananing gesang. Mila bandha punika prelu kaginakaken kanggé mujudaken raos preduli dhateng sesami. Kanthi mekaten kisa sami saged ngraosaken bilih Gusti Allah saèstu rawuh ing satengahing gesang kita. Mugi kita sinagedaken nindakaken dhawuh punika. Gusti tansah amberkahi. Amin.