KAWIWITAN SAKING MIRENGAKEN
Yokanan 14 : 23-29 | L. Para Rasul 16: 9-15 | Jabur 67 | Wahyu 21 : 10.22-22 : 5
Waosan Injil Yokanan 14:23-29 inggih punika bab prasetya/ punagi Gusti Yesus bilih Panjenenganipun kaliyan Sang Rama badhé rawuh lan manggèn nyatunggil kalih sedaya tiyang ingkang nresnani dhumateng Panjenenganipun. Bab tentrem rahayu punika nengenaken wigatosipun tiyang pitados sami mbangun miturut dhumateng sabdanipun Gusti kaliyan katresnanipun Sang Rama ingkang dipunparingaken dhateng sedaya tiyang ingkang nresnani Gusti Yesus. Perangan-perangan ingkang wigati wonten Yokanan 14:23-29 inggih punika :
- Prastawa rawuhipun Gusti Yesus.
- Kawigatosan mbangun miturut dhawuh sabdanipun Gusti.
- Tentrem rahayu ingkang bènten kaliyan tentrem rahayu ingkang dipun paringaken jagad.
- Roh Suci paring panuntun saha panglipur.
- Pepestèn rawuh wonten ing dalemipun Sang Rama.
- Aja sumelang lan ajrih.
- Mujudaken katresnan ing salebeting panggawé.
Piwucal punapa ingkang saged kita pethik saking Yokanan 14:23–29? Gusti Yesus paring pangandika bab dalem/ griya ingkang badhé dipun yasa dening Sang Rama sesareng sedaya tiyang ingkang nresnani Sang Rama. Sang Rama badhé maringi Roh Suci ingkang nuntun saha nglipur tumrap para tiyang ingkang nresnani dhumateng Panjenenganipun. Wasana Sang Rama paring katentreman dhateng tiyang ingkang sami nganti-anti dhumateng Gusti. Gusti Yesus paring prastawa bilih Panjenenganipun nresnani saha maringi tentrem rahayu dhateng kita ing satengahing jagad ingkang sumelang lan ajrih. Ayat punika paring pemut dhateng kita sedaya supados kita tansah gesang mbangun miturut dhumateng Sabdanipun Gusti wonten ing salebeting katresnan.
Waosan Jabur 67 punika dados donga panyuwun, supados Gusti Allah nyunaraken pasuryanipun/ wedananipun dhateng kagunganipun kaliyan memberkahi bangsa-bangsa, satemah marginipun Pangèran tansah dipun èmut-èmut lan kawilujenganipun nyata ing satengahing jagad. Masmur punika nengenaken wigatinipun welas asih, berkah, kaliyan kamulyanipun Gusti Allah ingkang kedah dipunmangertosi lan dipunraosaken sedaya tiyang. Jabur 67 punika minangka donga panyuwun ingkang nggadhahi pangertosan ingkang kedah dipun penggalih/ dipun gilut-gilut.
Lelakoné Para Rasul 16 : 9-15 nyariosaken bab kadospundi Roh Suci mandégani Rasul Paulus lan rombonganipun tindak menyang Makedonia, lan kadospundi Gusti Allah makarya wonten ing gesangipun Lidia, satunggaling pawèstri saking Tiatira ingkang dados pitados lan kababtis sesarengan kalih brayatipun. Waosan punika nyariosaken wigatinipun mirengaken sabdanipun Gusti ingkang mbuka manah kagem piwulangipun Gusti Allah lan nampèni éwah-éwahan ingkang dumados ing salebeting gesang.
Waosan Wahyu 21:10,22 – 22:5 nggambaraken Yerusalem lan jagad ingkang énggal, kitha suci ingkang tedhak saking ngaluhur/ suwargi. Waosan punika paring pangajeng-ajeng lan prastawa bab gesang langgeng kaliyan berkahipun Gusti Allah wonten ing jagad ingkang énggal. Ing papan punika mboten wonten malih kasangsaran lan pepejah. Wahyu 22:5 njlèntrèhaken bab Yerusalem énggal wonten pundi dalu mboten badhé wonten malih, lan tiyang-tiyang mboten mbetahaken padhanging dilah utawi surya amargi Gusti Allah piyambak badhé madhangi tiyang-tiyang punika, sarta tiyang-tiyang punika badhé mréntah kados ratu dumugi ing salami-laminipun. Sumangga kita sami midhangetaken dhawuh sabdanipun Gusti kanthi gumolonging manah lan saged nglampahi ing gesang kita padintenan. Amin.