
Taberi Nganti-anti Sang Roh Suci
Lelakone Para Rasul 1: 6-14 Gusti Yesus sampun wungu saking pejah lan 40 dinten lajeng sumengka dhateng swarga. Kawontenan ingkang dipun lampahi dening Gusti Yesus, peladosan, kasangsaran, seda sinalib, wungu, ngatingalaken Dhiri, lan sumengkanipun dados kawontenan ingkang ngedab-edabi tumraping para sakabat. Kawontenan punika ndadosaken tiyang-tiyang punika sami ajrih-asih lan …