KATRESNAN PUNIKA INGKANG UTAMI
Jabur 103:1–14 | Lukas 13:10–17
Wonten ing salebeting organisasi, bebadan, komite, pangadilan, perusahaan, lan sakpiturutipun mesthi katindakake miturut tata cara, anggaran dhasar, undhang-undhang, hukum, lan sakpiturutipun. Masarakat ugi asring nglampahi gesang sesarengan miturut tata adat lan budaya ing ngriku. Organisasi lan bebadan agami nindakake lampahipun miturut kapitadosan, piwulang, lan pranatanipun piyambak-piyambak. Ananging ing sakathahing mawerni cara manungsa nindakake lan mujudaken gesang sesarengan, wonten setunggal angger-angger ingkang dados karsanipun Gusti inggih punika katresnan. Tanpa katresnan, sedaya tindak-tanduk lan pangucap saking manungsa mboten badhe wonten makna lan tegesipun. Kenging punapa? Awit katresnan punika wujuding kamanungsan ingkang sejatos laras kaliyan karsa saha pakaryanipun Gusti kangge titahipun mirunggan pra manungsa. Katresnan punika ndadosaken tiyang langkung nguwongake sesaminipun.
Kasunyatanipun taksih kathah tiyang ingkang mboten nengenaken katresnan, malah langkung remen ngetrapake sawernaning hukum lan tata cara kanthi sawenang-wenang. Cariyos Gusti Yesus nyarasake tiyang wungkuk ing dinten sabat saking waosan Injil Lukas punika dados saperangan conto kados pundi kepala papan pangibadah (semanten ugi golonganing Yahudi sanesipun kados tiyang Farisi) kanthi sawenang-wenang nengenaken angger-angger agama tanpa gatekake kahanan bilih ing ngriku wonten tiyang ingkang mbetahake pitulungan. Gusti Yesus banjur duka, awit Gusti pirsa bilih tiyang-tiyang kalawau padha lamis. Sami remen nengenake angger-angger agama tumrap tiyang sanes, ananging malah sami mboten ngetrapake angger-angger punika ing awake dhewe. Pramila dhawuh Kitab Suci, “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe” punika dhawuh bab katresnan tumrap sesami ingkang utami. Saben tiyang mesthi ngrimati dhirinipun piyambak-piyambak. Pramila sami dipun dhawuhi Gusti supados nresnani tumrap sesami dikaya nresnani awake dhewe, malahan langkung sae menawi sami nresnani tumrap sesami langkung tinimbang nresnani awake dhewe. Kawontenan punika dipunsebut pangurbanan, minangka salah satunggal wujuding katresnan ingkang sejati.
Panjenengan lan kula tansah kaengetaken supados mbabar katresnan ingkang sejati. Katresnan ingkang sejati ugi sinarengan kawicaksanan. Sampun ngantos katresnan katindakake kanthi pilih kasih, inggih punika namung tumindak sae dhateng tiyang ingkang dipun remeni kemawon, lan tiyang sanes ingkang mboten dipun remeni, mboten disukani kawigatosan. Lumantar Jabur 103 panjenengan lan kula dipun ajak dening Juru Masmur sami memuji Gusti Allah ingkang sampun paring katresnan ingkang ageng inggih punika kawilujengan saha katentreman. Kita tansah sinau saking ageng katresnanipun Gusti tumrap kita, supados saged nresnani sesami kanthi katresnan ingkang tulus. Sumangga kita tansah enget kagem nengenake katresnan, awit katresnan punika ingkang utami wonten ing gesang punika. Gusti mberkahi. Amin.