DAYANING PANDONGA

Purwaning Dumadi 18:20-32 | Kolose 2:6-19 | Lukas 11:1-13

Punapa panjenengan lan kula saestu pitados bilih pangajeng-ajeng ing pandonga panjenengan lan kula dados kasunyatan? Punapa panjenengan lan kula saestu pitados bilih Gusti Allah midhangetaken pandonga panjenengan? Punapa panjenengan lan kula pitados bilih badhe wonten ewah-ewahan sae sak-sampunipun “amin” ing pandonga panjenengan lan kula? Lumantar waosan dinten punika, umat Kristen sami sinau bab pandonga, kapitadosan, lan dayanipun ing gesang manungsa.

Waosan Purwaning Dumadi 18:20-32 nyariosaken bab Rama Abrahan ingkang ndedonga kangge Sodom lan Gomora kanthi nyuwun dhumateng Sang Yehuwah sampun ngantos ngukum kutha-kutha kasebat mbok bilih wonten saperangan cacahe tiyang sae ing salebeting kutha punika. Sang Yehuwah midhangetaken pandonganipun Rama Abraham lan sumedya kagem milujengaken kutha-kutha kasebat menawi wonten cacahipun tiyang sae ingkang dipunsuwunaken dening Rama Abraham ing salebetipun kutha punika. Sinaosa ing pungkasane, cacahing tiyang sae ingkang wonten ing kutha punika langkung sekedhik saking panyuwune Rama Abraham. lan kutha-kutha punika nampi paukuman saking Sang Yehuwah. Saking waosan punika, panjenengan lan kula kedah gesang kados Rama Abraham ingkang rumaket dhumateng Sang Yehuwah. Ugi tuladha saking Rama Abraham inggih punika ngaturaken pandonga dhumateng Sang Yehuwah punika kangge kawilujengane tiyang sanes.

Rasul Paulus ngemutaken warganing pasamuan wonten ing Kolose supados gesang wonten ing Sang Kristus (Kol. 2:6–7). Gesang ing Sang Kristus nebihaken umat saking piwulang ingkang mboten leres. Sang Kristus punika minangka Sesirah saking sedaya kuwaos lan daya. Wonten ing Lukas 11:1–13 Gusti Yesus paring piwucal marang para sakabatipun supados ndedonga kanthi saestu lan pitados bilih Sang Rama ingkang badhe paring wangsulan. Gusti Yesus paring tuladha inggih punika Donga Rama Kawula. Pandonga panjenengan lan kula dipun wangsuli dening Allah Rama awit ageng sih-kanugrahan saha pangrimatipun Gusti Allah tumrap sedaya umat ingkang pitados. Pandonga tiyang mursid kang kaaturaken kalawan keyakinan/kapitadosan niku ageng sanget dayanipun. (Yak 5:16)

Saking waosan ing inggil punika ingkang saget panjenengan lan kula galih ing manah lan gesang kita:

1.  Punapa kula lan panjenengan wantun ndedonga kangge tiyang sanes kados dene Rama Abraham lan pitados bilih Sang Yehuwah saged nindakaken prekawis-prekawis ingkang ageng nglangkungi pandonga kita?

2.  Punapa kula lan panjenengan pitados bilih Sang Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumraping gesang kula lan panjenengan lan ngaturaken pamuji syukur awit saking katresnan lan kasetyanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan lan kula?

3.  Punapa panjenengan lan kula gesang wonten ing Sang Kristus lan pitados minangka Sesirah saking sedaya titah lan waspada tumraping piwucal-piwucal ingkang mboten leres sarta pitados tansah dhumateng sabdanipun Gusti?

4.  Punapa panjenengan lan kula tansah ndedonga kanthi saestu lan pitados bilih Sang Rama badhe mangsuli pandonga panjenengan lan kula kaliyan pitados bilih Gusti Allah punika Sang Rama ingkang paring samukawis ingkang sae tumrap panjenengan lan kula? Amin.