Kadya Tomas: Mangu-mangu Ginantosan Neksèni

Yokanan 20:19-31

Cariyos bab Tomas wonten ing Injil Yokanan paring kathah pamulang marang kita warganing pasamuwan ingkang gesang wonten jagad samangké. Sinaosa antawis wekdalipun langkung saking kalih èwu tahun kapengker kaliyan nalikanipun Gusti Yésus rawuh ing jagad punika, ananging bab punika taksih kontèkstual (saged katampi ing wekdal samangké). Mangu-mangunipun Tomas punika pancèn lumrah menawi miturut pamanggih kamanungsan kita, sedaya kabar ingkang kita pireng saking tiyang sanès sampun sakmestinipun kedah kita galih bab leres mbotenipun lan pundi buktinipun. Bab ningali rumiyin nembé pitados, punika pancèn kathah dipun bahas Injil Yokanan.

Gusti Yésus tinarbuka marang muridipun kaliyan ugi sok-sintena ingkang taksih mangu-mangu dhumateng piwucal lan kadadosan ingkang kalampahan. Cariyos bab Tomas punika paring piwulang marang kita bilih Gusti Yésus karsa nampèni raos mangu-mangu kita, ananging Panjenenganipun mboten ngèndelaken kita kacencang ing salebetipun kawontenan punika. Gusti Yésus nimbali kita, kadosdéné Tomas, supados rumaket lan ngalami rawuhipun Gusti Yésus, ingkang tundhonipun badhé ndandosi kapitadosan lan kita kadadosaken para seksinipun.

Tomas sasampunipun pinanggih kaliyan Gusti Yésus lajeng pitados lan paring paseksi, “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula.” Paseksi punika saèstu paring piwulang marang kita sedaya sasampunipun ngalami rawuhipun, kita ugi kadosdéné Tomas kedah dados seksi dhateng tiyang ingkang dèrèng pitados dhumateng Gusti. Rahayu kanggé kita sedaya ingkang mboten ningali, nanging kumandel (Yok. 20:29), ateges bilih sinaosa kita mboten ningali Gusti Yésus sacara kajasmanen ananging tansah pitados dhumateng Panjenenganipun. Miturut tradisi Kristen Suriah, Tomas (ingkang kasebat Santo Tomas dening sedhèrèk patunggilan Katolik) kasedanan ngginakaken tombak wonten ing Chennai, India, lan kasarèkaken wonten Basilika Katedral Santo Tomas, India. Saged kita bayangaken semanten tebihipun Tomas anggènipun martaaken Injilipun Gusti Yésus. Sumangga kita sami nuladha dhateng Tomas, saking mangu-mangu ginantosan neksèni. Gusti mberkahi. Amin.