KATRESNAN PUNIKA PARING PANGAPUNTEN
Pangandharing Toret 45: 3–11, 15 | Jabur 37: 1–11, 39–40 | Lukas 6: 27–38
Satunggaling tuladha sae bab sih-pangapunten saged kita waos ing Kitab Suci cariyosipun Yusuf, putraning rama Yakub. Nalika yuswa 17 taun, Allah Pangeran paring mimpi marang Yusuf: bentelan gandum sadulure Yusuf sujud nyembah bentelan gandume Yusuf. Banjur sadulur-sadulure Yusuf pada sengit marang dheweke. Rama Yakub dhawuhi Yusuf ngeteri panganan kanggo sadulur-sadulure kang lagi angon. Nanging sadulur-sadulure Yusuf padha gawe ala, Yusuf dicemplungake ing sumur kang garing, banjur adol Yusuf marang rombongane wong Ismael tumuju ing Mesir. Ana ing Mesir, Yusuf dadi bature Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon. Yusuf kagodha karo semahe bendarane banjur nulak. Dheweke kena ing pitenah lan dilebokake ing kunjara. Ana ing kunjara, Yusuf ingkang nate nerangake mimpi juru anggur lan juru roti Sang Prabu Pringon, dielingi dening juru anggur. Banjur Yusuf metu saka ing kunjara, nerangake mimpine Sang Prabu Pringon. Banjur Yusuf dadi kang mengku satanah Mesir kabeh, diangkat dening Sang Prabu Pringon. Wonten ing panguwasaning Yusuf, Mesir mboten ngalami kakurangan sanajan ngadhepi pitung taun mangsa pailan sakwuse pitung taun mangsa murah pangan.
Ing mangsa pailan, sadulur-sadulure Yusuf padha lunga menyang ing Mesir saprelu nempur gandum. Yusuf wanuh marang sadulur-sadulure, kacarita banjur calathu marang sadulur-sadulure, “Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir.” Yusuf muwun lan ngrangkuli sadulur-sadulure, lan carita yen Gusti Allah ngutus dheweke supaya sadulur-sadulur lan brayate bisa padha kapitulungan lan lestari. Yusuf ningali yen kasangsarane iku dudu kanggo mbales nyilakani sadulur-sadulure kang nate sengit marang dheweke, ananging malah kangge kasaenan sadulur-sadulure lan brayate. Gusti Allah ingkang sampun mapanaken Yusuf ing kalenggahan inggil ing Mesir supados rama Yakub kaliyan tedhak-turune padha lestari. Yusuf ngapunteni marang sadulur-sadulure awit mangertosi bilih Gusti Allah sampun paring rencana ingkang endah, mitulungi marang rama Yakub lan brayatipun.
Gusti Yesus paring piwucal bab nresnani marang mungsuh. Gusti Yesus paring pangandika ing InjilL Lukas 6: 27-28, 35-36, “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik. Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha weruh ing kabecikan lan para wong ala. Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.” Sumangga sami gegilut sabdanipun Gusti Yesus punika. Punapa kita sampun sami purun sinau bab sih-pangapunten kaliyan nindakaken sih-pangapunten kalawau miturut tuladhanipun Yusuf kaliyan pangandikanipun Gusti Yesus?