GUSTI YESUS nyarasaken Bartimeus
Markus 10 : 46 – 52
Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken Gusti Yesus ingkang nyarasaken Bartimeus. Bartimeus punika tiyang wuta, awit kawontenan winates, piyambake mboten gadhah padamelan ingkang dipunditindakaken kajaba nyenyuwun/ ngemis. Nalika pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, Bartimeus nampi mukjijat. Punika nedahaken malih menawi Gusti Yesus mboten rawuh kagem paring pakurmatan, nanging mbikak mripat dhumateng kasunyatan spiritual, sosial, lan material ingkang enggal, ingkang saged dipuntindakaken nalika Gusti Allah ingkang mrentah. Peladosanipun Gusti Yesus marang tiyang wuta ugi minangka kritik marang para sakabat ingkang suwaunipun sami pados pakurmatan. Saksampunipun para sakabat mangertos punapa ingkang sampun dipuntindakaken Gusti Yesus marang Bartimeus, nedahaken kasunyatan bilih para sakabat punika malah langkung ”wuta” tinimbang Bartimeus awit bibar sami rebutan pakurmatan. Bartimeus nyuwun dhumateng Gusti Yesus supados saged ningali malih. Lajeng Gusti Yésus nyarasaken kaiyan ngandika, “Pangandelmu kang mitulungi kowe.”
Bartimeus dados tokoh penting lan tuladha amargi tanggapanipun dhumateng panguwaosipun Gusti Yesus. Kita kedah saged kados Bartimeus, sinaosa wuta ananing saged ngraosaken rawuhipun Putraning Allah, inggih punika Gusti Yesus. Piwucal punapa ingkang saged kita pendhet saking cariyosipun Bartimeus punika?
Kaping pisan, Bartimeus mboten ndherek lan kentir kaliyan tiyang kathah sakiwa-tengene. Nalika tiyang kathah nguwuh-uwuh, saged ugi ngremehake tumindake, utawa ngremehake wutane, piyambake saged lenggah lan nyenyuwun. Bartimeus mboten ngrungokake tembung-tembung sing ora mbangun ing sakupenge, ananging malah wantun pitados sanajan tiyang kathah sakiwa-tengene mboten nyengkuyung piyambake. Menawi kita kepengein tuwuh langkung malih lan ngeguhake kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus, asring kedah nutup kuping marang tetembungan kang mboten mbangun lan tampil minangka pemenang.
Kang kapindho, Bartimeus cacat fisik tetep waras ing pikir. Menawa Bartimeus mboten waras pikirane, piyambake mboten badhe pitados lan waras badane nampi mukjijat saking Gusti. Piyambake milih mboten terus menggalih menawi gesangipun apes utawi mboten begja minangka nasib kang ora bisa owah. Bartimeus pitados Gusti Yesus saged nyarasaken piyambake. Ing antawis kita minangka tiyang Kristen, menawi taksih namung nyumurupi kekiranganipun badan lan tansah mbandhingaken kaliyan tiyang sanes, malah mboten saged majeng lan nggayuh puncak kesuksesan ingkang maksimal. Pikiran ingkang mboten waras punika nalika kathah pasambat lan mboten nindakaken punapa ingkang migunani. Malah nyingkiri wekdal lan kesempatan kagem nggayuh mukjijat ing gesang saking Gusti. Pramila tansah ngocap sokur ing sedaya kahanan peparingipun Gusti Allah.
Kaping tiga, Bartimeus nyopot jubahé lan sowan dhumateng Yésus. Jubah kasebut nyariyosake babagan dosa utawa gesang lami. Bartimeus purun nguculi jubah kang lawas lan nampi “jubah” kawilujengan enggal saking Gusti Yesus. Punapa ingkang kaenggalake ing gesang kita lumantar waosan dinten punika? Kita kedah wantun mboten mireng tetembungan ingkang mboten mbangun lan migunani, wantun medal saking lingkungan ingkang mboten nedahake laku utami, lan mboten minder kaliyan kahanan dhiri, ananging yakin estu bilih kaliyan Gusti mesthi wonten mukjijat saha ewah-ewahan becik ing gesang. Kita namung kedah setya lan tuhu dhumateng Gusti ing saben dintenipun kados Bartimeus ingkang kepengen ndherek ing tindake Gusti Yesus. Gusti mberkahi. Amin.