PANGIBADAH MINANGKA TANDHA PANGREKSANIPUN GUSTI

Waosan: Mateus 20 :  1–16

Miturut PPA (Pokok-pokok Ajaran) GKJ, pangibadah punika minangka caranipun tiyang-tiyang pitados sesarengan ngraosaken lan mujudaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah adhedhasar kawilujengan ingkang sampun dipuntampi saking Gusti Yesus Kristus. Minangka cara, ateges ingkang dados pangibadahipun tiyang pitados punika mboten namung bab liturgi kemawon, nanging ugi wiyar ngantos gesang padintenan. Gesang sesambetan kaliyan Gusti Allah punika dipuntedahaken wonten ing liturgi minangka sesambetan kang dialogis saking Gusti Allah kangge manungsa, lan saking manungsa kagem Gusti Allah.

Pasemon saking Gusti Yesus bab buruh tani ing kebon anggur punika pasemon bab kratoning swarga. Gusti Allah ingkang kagungan kratoning swarga punika karsa nimbali tiyang-tiyang ingkang purun ndherek Panjenenganipun. Wekdalipun tiyang-tiyang punika dipuntimbali dening ingkang kagungan kebon anggur punika benten-benten. Tiyang-tiyang kalawau ditimbali wiwit esuk, awan, lan sonten. Sedaya buruh nampi opah ingkang lumrah lan sami inggih punika setunggal dinar. Sinaosa saking buruh ingkang nyambut damel wiwit enjang wonten sesambat, ananging ingkang kagungan kebon anggur paring pangertosan ingkang wigati bab opah ingkang sampun disarujuki lan sedaya buruh padha nampa kang padha, awit piyambakipun loma marang wong.

Kratoning swarga nimbali tiyang kathah saking benten kawontenan lan wekdal supados sami leladi lan mbangun turut ing karsanipun Gusti Allah. Sedaya nampi pangrimat ingkang adil saking Gusti. Gusti karsa nimbali manungsa supados sami purun lumebet ing kratonipun, punika sampun dados wujud pangreksanipun Gusti. Gumantung manungsa sami purun ndherek Gusti punapa mboten. Minangka tiyang pitados, tamtu panjenengan lan kula sami purun ndherek Gusti mbangun turut ing karsanipun. Punika dipun wujudaken ing patunggilan, pangabekti, lan gesang padintenan. Pangibadah kita punika tanda bilih Gusti sampun ngreksa tumrap kita satemah kita saged gesang sembada lan binerkahan. Amin.