Kasetyan Ingkang Mulihaken

Waosan: Rum 5 : 12–19

 

Kitab Suci nedahaken bilih manungsa wiwit mulanipun sampun dhawah ing dosa, inggih punika Adam lan Kawa awit nerak angger-angger saking Allah ing patamanan Eden. Manungsa punika sejatosipun titah ingkang nulad gambar lan pasemonipun Allah, pramila saged gadhah sesambetan mirunggan kaliyan Allah tinimbang titah sanes. Ananging awit saking dosa ingkang dipun tindakaken dening manungsa, sesambetan punika risak. Mboten namung sambetan kaliyan Allah, ugi sesambetanipun manungsa kaliyan sesami, makhluk titah sanesipun, lan alam donya punika ugi risak.

Awit agung sih piwelasipun Allah, Panjenenganipun mboten negakaken kawontenan manungsa punika. Allah makarya wonten ing Gusti Yesus Kristus supados manungsa manggih kawilujengan. Kawilujengan punika kawontenan kosok wangsulipun dosa. Ing kawilujengan, manungsa dipun sucekaken saking regedan ing manah lan batosipun, manungsa dipunpulihaken sesambetanipun kaliyan Allah, sesami, titah sanes, lan alam donya, semanten ugi manungsa dipun sagedaken dening Gusti lumantar Roh Suci satemah saged gesang mituhu dhumateng Allah.

Gesang kaliyan pakaryanipun Gusti Yesus Kristus punika ingkang milujengaken manungsa. Manungsa dipuntimbali supados sami pitados lan mituhu dhumateng Allah, kadya tuladhanipun Gusti Yesus Kristus ingkang setya tuhu ing margining Allah Rama kanthi sampurna ngantos paripurna. Tuladha kasetyanipun Gusti Yesus milujengaken lan nucekaken manungsa. Pramila sumangga sami mlebet ing mangsa pra-paskah punika kanthi kayektosanipun manah nampeni kawilujengan ing gesang mratobat, satemah estu gesang panjenengan lan kula dipunpulihaken dening Gusti. Amin

%d blogger menyukai ini: