Nyembah Kristus Ratuning Jagad, Preduli Sesami

Waosan: Matéus 25: 31-45  |  Yehézkiél 34: 11-16; 20-24

 

Kénging punapa tiyang pitados kedah nresnani tumrap sesami? Wangsulanipun miturut kapitadosan kita inggih punika awit Gusti sampun langkung rumiyin nresnani dhateng manungsa. Minangka tiyang pitados umat kagunganipun Gusti, kita kedah gesang kanthi setya tuhu marang Panjenenganipun. Lumantar waosan dinten punika, kita sami sinau bab katresnan.

Ingkang nomer setunggal, kanthi nulada katresnanipun Gusti Yesus, para tiyang pitados kedah ugi tumindak ing katresnan. Gusti Yesus minangka Sang Pangèn tresna lan asih sanget dhateng para mendanipun, inggih punika para murid lan umatipun Gusti Piyambak. Gusti mirsani lan ngreksa marang para menda kagunganipun. Katresnan ingkang Gusti Yesus tindakaken ugi katresnan kanthi pangurbanan dhiri, inggih punika ngasoraken dhiri nglampahi sangsara, séda, lan sinalib kagem nebus dosaning jagad. Katresnan ingkang sejati mboten kanthi pepinginan kagem mulyakaken dhiri pribadhi, ananging èstu kanthi tulus kagem kasaénanipun tiyang sanes.

Nomer kalih, para tiyang pitados kedah sami sumerep Pangènipun inggih punika Gusti Yesus, ingkang ugi jumeneng Ratuning jagad awit ageng kuwaosipun ngatasi sadaya kawontenan. Dhumateng Gusti Ratuning jagad para tiyang pitados ngaturaken sokur, urmat, lan pangajeng-ajengipun, sarta nglajengaken kasetyan punika ngantos generasi saklajengipun. Ingkang nomer tiga, pada tulung-tinulungan ing tumindak lan pandonga. Pasemon pangandikanipun Gusti Yesus bab sang nata ingkang dipunladosi dening para mursid. Punika kanthi wujud peladosan kagem “sedulur kang asor dhéwé”. Paring kawigatosan, pandonga, lan peladosan kagem sesami punika nuwuhaken pangajeng-ajeng dhumateng Gusti, mila sampun ngantos ingkang mitulungi rumaos bombong awit sadaya punika kagem kaluhuran asmanipun Gusti.

Gusti makarya ing jagad punika martosaken kawilujengan tumrap manungsa. Minangka umatipun Gusti, kita kedah ugi martosaken kawilujengan punika kagem tiyang sanes ingkang dèrèng nate mirengaken Injil, lumantar peladosan lan kawontenan kita ing kapitadosan. Kita kedah purun dipunagem dening Gusti dados lantaran berkah. Amin.