Nggegulang Katresnan

Waosan : Matéus 22 : 34 – 46

 

Kanggé miwiti reraosan kita punika, wonten pawarta bab nèm–nèman ingkang kendelipun linangkung. Ing sawijiné dina nèm–nèman kala wau nggadahi tanggel jawab njagi katentreman ing gréja ingkang nembé mèngeti pahargyan Natal. Kasunyatanipun punika dados tanggel-jawab ingkang pungkasan. Piyambakipun tilar-donya nalika madosi lan nebihaken bom saking pasamuwan ingkang saweg mahargya Natal, awit bom punika banjur njeblos. Nèm–nèman punika namanipun Riyanto saking Barisan Ansor Serbaguna (Banser) NU Kota Mojokerto – memo 24 Desember 2000. (Dipun inspirasi saking skrip teater seratan Kukun Triyoga, S.Sn.-Persada, Mojokerto)

Wonten ing jaman samangké, kados-kados sampun mboten gampil manggihaken tiyang ingkang kados Riyanto, inggih punika wujud pagesangan ingkang nengenaken tanggel-jawab saha purun ngurbanaken badanipun kanggé tiyang sanès. Ingkang dipun suguhaken déning jaman punika kathah wujud pagesangan ingkang langkung nengenaken hawa–nepsu kamanungsan. Contonipun punika pepinginan urip sing pokoké bungah, pepinginan urip sing utama bandha donya, sing penting awake dhewe dhisik tanpa peduli kaliyan tiyang sanès, lan sakpiturutipun.

Waosan ing Mateus 22: 34-46 nyariosaken Gusti Yesus saweg ngèngetaken para tiyang Farisi ingkang dipun wakili déning salah satunggiling ahli Torèt. Pepèngetipun Gusti Yesus bab tresna dhumateng Gusti Allah punika kedah dados landhesan lan pikajeng ingkang utami wonten ing sedaya tumindaking manungsa. Katresnan punika ugi dipunwujudaken ing salebeting gesang tresna–tinresnan kaliyan sesami lan wonten ing sedaya pakaryan. Tresna dhumateng Gusti Allah wonten ing sadhéngah lampah gesang (kalawan gumolonging ati, nyawa lan budi) punika minangka wujuding panguwaosipun Gusti Allah tumrap gesangipun manungsa. Tresna dhumateng Gusti Allah punika ketawis ing salebeting tingkah-laku lan tumindak urmat, nggatosaken, tuwuhing raos kangen, setya tuhu, saha caket kaliyan Gusti Allah. Tresna dhumateng Gusti Allah kedah tuwuh saking panggrahita bilih Gusti Allah sampun lan tansah nresnani sedaya titah. Kanthi katresnan saking Gusti Allah punika manungsa mbabar katresnan tumrap sesaminipun.

Gesang ingkang lila ngurbanaken dhiri kados Riyanto, inggih punika gesang ingkang nengenaken tanggel-jawab dados satunggaling wujud katresnan. Gesang ingkang kados makaten punika ingkang kedah kita gulang inggih punika lila ngurbanaken dhiri adhedhasar katresnan, inggih punika katresnan saking Gusti Allah. Sampun sakmesthinipun kita mujudaken katresnan ing pagesangan jaman samangké. Tresna dhumateng Gusti Allah saèstu dados prakawis ingkang wigatos, ingkang kedah dados landhesan utami ing sadaya lampah gesangipun para tiyang pitados. Katresnanipun manungsa sanes katresnan ingkang sampurna. Ananging kanthi tuhu nggegulang katresnan, manungsa tansah njagi gesang miturut karsanipun Gusti Allah. Gusti mberkahi. Amin

%d blogger menyukai ini: