Gesang Minangka Warga Kratoning ALLAH

Waosan: Matéus 13: 33

Gusti Yesus paring piwulang bab kratoning swarga. Kratoning swarga punika sanes kawontenan saksampunipun pejah, ananging nedahaken kawontenan samangke ing donya punika. Donya punika kagungan lan titahipun Allah, mila kratoning swarga ing donya punika ugi dipunsebut kratoning Allah. Allah dipungambaraken minangka ratu ing kratonipun. Allah kagungan kuwaos ingkang ageng lan nindakaken pakaryan saha karsanipun. Allah nimbali manungsa dados mitra mbangun turut nindakaken karsanipun kanthi martosaken kawilujengan.

Gusti Yesus paring pasemon bab ragi ing glepung. Kratoning Allah kadhangkala mboten ketingal awit kathah perkawis ing donya punika. Sanajan mboten ketingal, karsanipun Allah tansah binabar ing antawisipun kathah perkawis ing donya punika. Tiyang pitados dipuntimbali Allah dados mitra ingkang nindakaken kasaenan lan katresnan, sanajan mboten ketingal ananging tumindak punika nuwuhaken kawontenan ageng inggih punika katentreman lan karahayon.

Kados pundi ing wegdal samangke kita nindakaken timbalan punika? Kanthi media sosial kita saged nyebar katresnan kanthi tembung ingkang sae lan ngiyataken, nalika sami pepanggihan ngatingalaken kawigatosan dhateng tiyang sanes, lan taksih kathah malih tuladha ing kasaenan. Sanajan namung tumindak alit, menawi kasaenan lan katresnan dipunwujudaken kanthi setya lan ajrih asih dhumateng Allah, kasantosan lan katentreman binabar. Kratoning Allah rawuh ing donya punika, lan kita mitranipun Allah. Amin.

%d blogger menyukai ini: