Taberi Nganti-anti Sang Roh Suci
Lelakone Para Rasul 1: 6-14
Gusti Yesus sampun wungu saking pejah lan 40 dinten lajeng sumengka dhateng swarga. Kawontenan ingkang dipun lampahi dening Gusti Yesus, peladosan, kasangsaran, seda sinalib, wungu, ngatingalaken Dhiri, lan sumengkanipun dados kawontenan ingkang ngedab-edabi tumraping para sakabat. Kawontenan punika ndadosaken tiyang-tiyang punika sami ajrih-asih lan langkung tumemen ing pitados dhumateng Gusti Yesus.
Para sakabat kakiyataken dening prasetyanipun Gusti Yesus ingkang ngutus Sang Roh Suci. Sang Roh Suci badhe nuntun para sakabat ingkang kautus dados paseksi Sang Kristus ing Yerusalem, Yudea, lan Samaria, ngantos salumahing bumi. Ananging para sakabat taksih rumangsa bilih sami pepisahan kaliyan Gusti Yesus Sang Guru. Nalika sami ajrih lan kuwatos, wonten malekat ingkang ngandika bilih Gusti Yesus badhe rawuh malih kanthi patrap ingkang dipuntingali dening para sakabat. Kanthi pangandika mangkono, para sakabat, sadhereke Gusti Yesus, para wanita, lan tiyang-tiyang ingkang sesarengan lajeng sami mempeng ing pandonga.
Nganti-anti Sang Roh Suci katindakaken dening para sakabat kanthi mekaten:
- Taberi. Para sakabat nyawisaken manah ingkang tumemen ing pandonga, siyam, lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti lan pakaryanipun. Sadaya punika dipunlampahi kanthi manah ingkang andhap-asor, kangen marang Gusti, lan nyatunggil kaliyan para pitados.
- Nunggalaken manah. Para sakabat lan para pitados nggadhahi tujuwan, tata-gesang, lan penggalih ingkang nunggil dhumateng Gusti lan ing bab karohanen.
- Ndedonga. Pandonga kaunjukaken dening tiyang pitados minangka laku gesang karohanen ingkang tansah sesambetan kaliyan Gusti. Kanthi pandonga para pitados nampeni kuwaos lan dhawuh saking Pangeran, lan ngaturaken panyuwun lan pasambat. Kanthi pandonga ugi para pitados dipunkiyataken dening kuwaos saking Gusti ngadhepi awrating gesang.
Sumangga kita sami setya tuhu dhumateng Gusti kanthi tumemen lan tulus ing manah. Kita tindakaken gesang punika kanthi taberi ing pandonga lan gesang kanthi enget marang Panjenenganipun. Wonten ing pasedherekan kita nyatunggil nampeni Sang Roh Suci ingkang makarya. Amin.