Kawungokaken Kanggé Lelados
Waosan: 1 PETRUS 1: 17-23
Gusti Yesus sampun Wungu saking antawisipun tiyang pejah, ingkang kita pèngeti lan kita pahargya wonten ing dinten Paskah. Pèngetan paskah punika mratélakaken katresnanipun Allah dhateng manungsa, ingkang sampun kababar wonten ing sangsara, séda lan wungunipun Sang Kristus.
Kanthi patrap kados makaten anggènipun Allah wonten ing Sang Kristus mujudaken peladosan murih kawilujenganing manungsa. Dados wungunipun Sang Kristus inggih mratélakaken bab wunguning manungsa ingkang pitados dhateng Sang Kristus.
Lumantar WAOSAN ing nginggil rasul Pétrus ngèmutaken lan nandhesaken bilih gesanging tiyang pitados punika linandhesan pakaryan Adi ingkang sampun katindakaken dening Sang Kristus kanthi nglampahi sinangsara, seda lan Wungu.
Kados déné wungunipun Sang Kristus punika nélakaken pakaryan kawilujengan, pramila saben tiyang pitados ingkang sampun katunggilaken kaliyan wungunipun Sang Kristus, ugi tinimbalan nindakaken pakaryan lelados kanggé kawilujenganing tiyang kathah. Dados kita para tiyang pitados kawungokaken murih nindakaken peladosan utawi lelados.
Sugeng neksèni wungunipun Sang Kristus kanthi lelados, Gusti mberkahi. Amin