Martosken Pakaryanipun GUSTI ing Saklebeting Kekirangan

waosan: Yokanan 9: 1-41  

Kanthi pangrasa kita saged ngraosaken kabingahanipun tiyang pepriman ingkang mripate wuta wiwit lair mila lajeng saged ningali. Tiyang punika nampi kanugrahan ingkang ageng awit pakaryanipun Gusti Yesus ingkang paring kasarasan. Kathah tiyang sami gumun, nanging wonten ingkang boten remen inggih punika tiyang Farisi awit tumindakipun Gusti Yesus punika nalika dinten Sabat. Para Farisi mboten wantun nimbali Gusti Yesus kagem atur pitakenan, mila sami nimbali tiyang ingkang suwaunipun wuta kala wau lan tiyang sepuhipun. Panujune para Farisi mboten badhe pados pangertosan bab kawontenan ingkang sae, ananging badhe dhawahaken lepat dhateng Gusti Yesus. Para Farisi ngrumaosi bilih tiyang punika dosa lan mboten pantes paring paseksen tumrap para Farisi. Gusti Yesus dipunanggep nerak angger-anggering Toret awit nindakaken pakaryan ing dinten Sabat.

Tiyang ingkang dipunsarasaken dening Gusti Yesus punika tiyang ingkang kathah kekiranganipun, awit namung tiyang alit ingkang mboten gadhah kalenggahan punapa-punapa. Ananging ing saklebeting kekiranganipun, tiyang punika wantun ngadhepi para Farisi ngantos kaping kalih kagem nekseni bab pakaryanipun Allah ing Gusti Yesus inggih punika Sang Mesih. Sanajan katundhung dening para Farisi, tiyang punika wau pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang milujengaken. Kekendelan martosaken pakaryanipun Gusti punika nedahaken kapitadosan ingkang satuhu dhumateng Gusti.

Kawontenan kita saged ugi kados tiyang ingkang dipunsarasaken dening Gusti Yesus. Sanajan kathah reribedan ing gesang, ananging minangka tiyang pitados kita saged ngraosaken lan ningali pakaryanipun Gusti ing gesang kita. Ing kawontenan ingkang sae lan prayogi kita martosaken pakaryanipun Gusti, lan ugi ing kawontenan kosok-wangsulipun kita tetep martosaken pakaryanipun Gusti kanthi estu pitados dhumateng Panjenenganipun. Gusti Yesus paring berkah lan kekiyatan kagem kita sadaya, nyagedaken kita dados seksinipun Gusti. Amin.

%d blogger menyukai ini: