Sang Kristus Ratu Ingkang Sejati

Waosan:  Lukas 23 : 33-43

 

Ratu punika ingkang kagungan kuwaos paling agung lan nindakaken paprentahan tumraping tiyang kathah. Pramila sinten ingkang jumeneng ratu mboten mujudaken pepinginan dhiri pribadinipun, ananging kagem para tiyang ingkang dipunladosi ing paprentahanipun. Gusti Yesus Sang Kristus miturut Kitab Wahyu 17:14 lan 19:16 punika jumeneng Ratune para ratu lan Gustining para gusti. Pakaryanipun Sang Ratu punika kagem karaharjaning tiyang kathah. Ratu ingkang sejati malah ngantos ngurbanaken dhirinipun kagem milujengaken lan nyantosakaken umat manungsa.

Wonten ing Mateus 20:26-28 Gusti Yesus paring pangandikan marang para sakabatinpun ingkang sami regejegan rebutan papan mulya bab sinten ingkang mangke pantes lenggah ing sisih tengen lan kiwanipun Gusti Yesus kraton-Ipun. Sejatosipun para sakabat punika nembe mangertosi bab kratoning Allah cara kadonyan, dereng mangertosi bab kratoning Allah ingkang mbabar kawilujengan tumrap sadaya umat manungsa lumantar pakaryanipun Gusti Yesus. Gusti Yesus lajeng paring pangandikan, “Sing sapa kepengen dadi penggedhe, kuwi kudu dadi rewang.” Gusti Yesus Kristus rawuh ing jagad punika mboten dipunladosi ananging ngladosi, malah masrahaken nyawanipun dados tebusan kagem tiyang kathah.

Lukas 23: 33-43 paring paseksen Sang Kristus ing salebeting kasangsaranipun kasalib ing Golgota, Gusti Yesus netepi pangandikanipun punika. Gusti Yesus kersa nandang sangsara saha kepara seda ing kajeng salib wau saperlu nanggel sedaya piawon lan paukumaning Allah tumrap dosa kagem sadaya manungsa. Gusti Yesus ugi karsa paring pangapunten tumrap sedaya tiyang ingkang sampun masrahaken Panjenenganipun ing paukuman lan pati.  Ing ayat 34 Gusti Yesus nyuwunaken pangapunten tumrap tiyang-tiyang duraka wau marang Sang Rama, “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami mboten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken.” Ugi ing ayat 43 Gusti Yesus karsa nampeni salah satunggaling durjana ingkang ngakeni kalepatanipun lan mratobat, lan mratelakaken bilih durjana wau ing dinten punika ugi sampun sesarengan kaliyan Gusti Yesus ing Pirdus.

Punika sikap lan patrapipun Gusti Yesus ingkang saestu ngetingalaken “Ratu ingkang sejati.” Gusti Yesus Ratu ingkang sejati dados panglipur kagem kita sadaya awit ageng sih katresnanipun dhateng kita. Timbalan kita minangka tiyang pitados inggih punika atur pamales ingkang sembada kagem Gusti, inggih punika ngaturaken sawetahing gesang kita namung kagem Gusti. Gesang kita sawetahipun kagem lelados tumrap sesami lan lelados miturut karsanipun Gusti. Gusti mberkahi. Amin.

%d blogger menyukai ini: