Sumendhe Ing Pangrimatipun Gusti
Lelakone Para Rasul 5:27-32 | Jabur 150 | Wahyu 4:1-8 | Yokanan 20:19-31
Gesanging manungsa kalebet tiyang-tiyang pitados mboten saged uwal saking bot-repoting gesang utawi karibedan. Karibedan kala wau saged tuwuh saking dhirinipun piyambak, saking sesambetan kaliyan brayatipun, kanca patunggilan, kanca ing panggenan nyambut damel, lan sanes-sanesipun. Karibedan ing salebeting gesang punika wonten ingkang karaos “biasa-biasa” kemawon, nanging wonten ugi ingkang karaos awrat. Saking awrating perkawis ingkang karaosaken, ngantos wonten ingkang ndadosaken manahipun tiyang pitados kala wau semplah, lan kecalan pangajeng-ajeng. Babagan punika gumantung kados pundi cara anggen kita ngadhepi karibedan ing salebeting gesang.
Sabda pangandikanipun Gusti mucal dhateng kita sedaya supados kita tansah sumendhe ing pangrimatipun Gusti Allah ing sadhengah karibedan ingkang kita raosaken wonten ing gesang kita. Pangandikanipun Gusti mucal dhateng kita supados kita tansah mbangun miturut dhumateng Gusti Allah ketimbang dhateng manungsa (Para Rasul 5:29). Pramila samangsa kita ngadhepi bot-repoting gesang, ingkang dados andel-andel kita mboten sanes namung Gusti Allah piyambak. Sabda pangandikanipun Gusti ugi mucal dhumateng kita supados kita tansah muji sukur dhumateng Gusti Allah ing sadhengah kawontenan, kados ingkang dipun wucalaken dhumateng kita lumantar Zabur 150. Raos sokur punika badhe ngentheng-enthengaken anggen kita ngadhepi sawenehing perkawis ing gesang kita.
Gandheng manungsa punika asring ngegungaken akal budinipun piyambak katimbang dhumateng Gusti Allah, pramila manungsa lajeng kirang pitados dhateng penguwaos lan pangrimatipun Gusti Allah.Malah-malah Gusti Allah kasuwun paring bukti rumiyin supados piyambakipun purun pitados; kados ingkang dipun tindakaken dening Thomas sesambetan kaliyan anggenipun Gusti Yesus ngetingalaken dhateng para sekabat sasampunipun wungu (Yokanan 20: 25). Gusti ngersakaken supados sedaya tiyang purun sumendhe ing pangrimatipun Gusti kanthi gumolonging manah. Kados ingkang dipun ngendikaaken dening Gusti Yesus anggenipun nanggapi pikajengipun Thomas, “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel” (Yokanan 20: 29). Sabda pangandikanipun Gusti Yesus dhumeteng Thomas punika ngemu suraos bilih Gusti Allah ngersakaken manungsa langkung rumiyin pitados dhumateng Penjenenganipun kanthi manah ingkang andhap asor; srana makaten Gusti Allah badhe paring berkah lan pitulungan dhumateng tiyang pitados. Mugi Gusti tansah nuntun dhumateng kita. Amin.