Kanugrahaning Pamratobat

Yesaya 55: 1-9 | Lukas 13: 1-9

 

Mboten wonten manungsa ingkang babar pisan mboten nindakaken kalepatan. Kathah tiyang ingkang sami remen menawi ningali tiyang sanes nindakaken kalepatan, awit lajeng saged njeksani lan rumaos langkung sae/leres. Kathah tiyang ingkang remen menawi saged njeksani tiyang sanes bab kalepatanipun, ananging mboten purun nulad sarira bab kalepatan dhirinipun pribadi.

Para tiyang ingkang marek dhateng Gusti Yesus gadhah pemanggih menawi tiyang ingkang sedanipun nahas/apes punika mesti dosanipun ageng. Gusti Yesus ngendikaaken bilih sedanipun tiyang punika mboten awit karana ageng aliting dosa-dosanipun. Tiyang-tiyang wau ugi dipunengetaken bilih ingkang penting punika mboten njeksani tiyang sanes bab kados pundi pejahipun utawi sepinten dosa-dosanipun, ananging ingkang langkung utami bab pamratobat. Inggih punika nilar pangraos lan tumindak awon lajeng wangsul ing bebener utawi kayektenipun Gusti.

Mratobat karaos awrat menawi manungsa taksih nengenaken pepinginan dhirinipun piyambak. Pramila pamratobat punika mbetahaken andhap-asoring manah lan budi. Raos andhap-asor saged dipunwontenaken menawi manungsa ngrumaosi bilih piyambakipun punika titahipun Gusti, lan Gusti Allah punika ingkang nitahaken manungsa lan jagad raya punika. Menawi manungsa ngakeni Gusti Allah ingkang Maha Agung, kadospundi manungsa badhe umuk lan remen mentingaken pepinginanipun piyambak ing ngarsanipun Gusti Allah? Ingkang pantes njeksani manungsa lan jagad raya punika nggih namung Gusti Allah Pribadi. Ananging Gusti Allah sanes gusti ingkang tegel marang umatipun. Gusti Allah punika kebak ing sih rahmat.

Waosan Yesaya lan Injil Lukas dinten punika badhe ngendikaaken bab sih rahmatipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos karsa ngagem kuwaosipun kagem maringi sih rahmat dhateng manungsa ingkang mratobat lan ngudi margining kaleresan miturut sabdanipun Gusti. Gusti piyambak ingkang nimbali manungsa supados manungsa mboten sirna awit dosa-dosanipun, ananging supados manungsa wonten ing pamratobatipun saged ngraosaken sih rahmat, kapulihaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah lan sesami, lan ngraosaken katentreman ing gesangipun samangke lan ing kalanggengan. Amin.

%d blogger menyukai ini: