Endahing Asung Pangapunten

Waosan: Purwaning Dumadi 45 : 3-11, 15

 Mestinipun kita nate gadhah kalepatan dhumateng tiyang sanes, mekaten ugi kosok wangsulipun. Rikala tiyang rumaos lepat, temtunipun inggih kepengin kalepatanipun punika kaapunten. Ewasemanten menawi wonten tiyang ingkang gadhah lepat dhumateng piyambakipun, tiyang punika asring angel/awrat menawi kedah paring pangapunten. Saking punika cetha bilih paring pangapunten punika boten gampil.

Pangandikanipun Gusti Allah wonten ing Purwaning Dumadi 45:3-11, 15 paring tuladha lan piwucal magepokan asung pangapunten ingkang katindakaken dening Yusuf dhumateng sedherek-sedherekipun. Yusuf mboten gadhah raos serik lan mboten mbales tumindaking para sedherekipun, ingkang sampun damel sangsara, ananging Yusuf malah paring pangapunten lan paring pitulung.

Kenging punapa Yusuf gadhah sikap lang patrap ingkang kados mekaten?

Inggih punika awit Yusuf nglenggani bilih ing sadengah ingkang sampun dipun alami mboten uwal saking berkah lan katresnanipun Gusti. Pramila ing ngriki Yusuf ugi kedah nelakaken katresnan dhumateng para sedherekipun, kanthi patrap paring pangapunten.

Kanthi asung pangapunten punika pasedherekan/brayat Yakub dipun pulihaken lan karukunaken, matemah brayat Yakub ngraosaken suka bingah.

Iba endahipun menawi saben tiyang suka asung pangapunten. Lumantar Sabda Pangandika punika kita sami kaatak supados suka asung pangapunten.

Gusti mberkahi. Amin.